Tembang pangkur iki Serat Rerepen anggitan KGPAA Mangkunagara IV. Jadi yang mengarang dari tembang pangkur jirak pindha munggwing wana adalah Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangunegara ke empat.
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullah wa barakatuhu. Apa iku wangsalan?
Wangsalan yaiku sabangsane cangkriman, nanging wangsulane/batangane wis disebutake pisan sanajan kanthi sinandhi (ora diblakakake).
Yang dimaksud dengan wangsalan adalah sebangsa teka-teki, namun jawabannya sudah disebutkan sekalian meskipun tidak secara terang-terangan.
Salah sawijine tuladha utawa contone wangsalan ing tembang macapat kaya ing tembang pangkur ngisor iki karo batangane / bedhekane lan tebusane.
PANGKUR
Jirak pindha munggweng wana,
Sayeng kaga we rekta kang muroni
Sinambi kalaning nganggur,
Wastra tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,
Baon sabin ing nawala,
Kinarya langen pribadi.
Adapun batangane tebusane tegese lan artine saka wangsalan sinawung tembang macapat pangkur ini adalah sebagaimana penjelasan berikut;
Jirak pindha munggweng wana
Jirak pindha munggweng wana karepe yaiku Woh jirak ing tengah alas sing batangane yaiku wit kesambi. Menawa tebusane tetep padha yaiku sinambi.
Jadi batangane wangsalan ini adalah kesambi.
Saka tembung kesambi iki dadi sinambi.
Tegese Jirak = araning wit sarto awoh, sebutan untuk pohon dan buahnya.
Pindha = kaya, mirip.
Munggweng = ana ing, ada di …
Wana = alas, hutan.
Kesambi = araning uwit kang bisa tekan 40 meter, uwite bengkok, duweni kayu kang padet, atos lan dhuwur mutune. Kayune kanggo gawe piranti macem, macem, gerobak, lan didakekake kayu obong kang apik banget.
Kesambi adalah suatu pohon yang bisa mencapai ketinggian 40 meter, berbatang bengkok, dan memiliki kayu yang padat, keras, serta bermutu tinggi. Kayunya digunakan untuk membuat perabot, gerobak, dan dijadikan bahan bakar yang baik.
Nama ilmiah dari tanaman kesambi adalah Schleichera oleosa.
Sinambi asale saka tembung sambi kang nduweni teges nggarap (nindakaké) bebarengan karo kang baku.
Arti Sinambi adalah dengan, sambil.
Berasal dari kata sambi yang memiliki arti mengerjakan bersamaan dengan sesuatu hal yang baku.
Sayeng Kaga
Batangane Sayeng kaga yaiku kala, tebusane yaiku kalaning.
Tegese sayeng kaga yaiku golek manuk yang artinya adalah mencari burung.
Sayeng = piranti kanggo nyekel, alat untuk menangkap (burung)/ jebakan burung
Kaga = manuk, artinya burung.
Alat untuk menangkap burung sebutannya dalam bahasa Jawa adalah kala.
Dari kata kala ini menjadi kalaning yang artinya adalah pada saat.
Kala : piranti kanggo nyekel manuk.
We Rekta Kang Muroni
We rekta kang muroni tegese utawa batangane yaiku anggur.
Saka tembung anggur iki saengga tebusane dadi nganggur.
Nganggur tegese ora ana pagawean. Artinya nganggur adalah tidak memiliki pekerjaan atau kegiatan.
Artine we rekta kang murani yaiku banyu abang sing mendemi yaiku anggur (lumrahe wernane abang).
We = banyu, artinya air.
Rekta = abang, artinya adalah merah.
Kang = sing, yang
Muroni = mendhemi, asale saka tembung wuru kang ateges mendem (mabuk).
Kata muroni artinya adalah memabukkan. Berasal dari kata wuru yang artinya yaitu mabuk.
Dari bait wangsalan ini akhirnya ketemu tebusane yaiku Sinambi kalaning nganggur.
Sinambi tebusane saka wangasalan Jirak pindha munggweng wana.
Kalaning tebusane saka wangsalan sayeng kaga.
Nganggur tebusane saka wangsalan we rekta kang murani.
Demikian semoga bisa membantu anda memahami maksud dalam wangsalan ini, dan dapat menjawab soal pertanyaan uang muncul. Salam kenal dan wassalamu’alaikum.
