Apa Bedane Paribasan Bebasan Lan Saloka, perbedaan tembung paribasan bebasan dan saloka dalam Bahasa Jawa lengkap dengan contoh ukara.
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullah wa barakaatuhu, wilujeng enjang selamat pagi para guru, mahasiswa, dosen, peminat sastra Bahasa Jawa serta murid dan siswa pada sekolah SD SMP SMA MI MTs MA baik negeri maupun swasta.
Kali ini kita akan membahas tentang perbedaan pengertian tembung paribasan bebasan saloka Basa Jawa beserta contohnya.
Langsung saja berikut pembahasannya.
Apa Bedane Paribasan Bebasan Lan Saloka
Sebelum melangkah lebih lanjut, akan kita bahas tentang pengertian tembung paribasan, bebasan, saloka bahasa Jawa lengkap dengan contohnya.
Paribasan
Pengertian utawa pangertene paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, duwe tegese wantah (lumrah/apa anane), ora nganggo gegambaran (kiasan)
Ciri-cirine paribasan yaiku
- Ajeg panggonane
- Tegese wantah (lumrah/apa anane/salugune)
- Ora nganggo gegambaran (kiasan)
- Tanpa jejer (subyek)
- Tetembungane ora kena diwolak-walik)
Tuladha tembung paribasan lan tegese
Sebutna tuladha tembung paribasan lan wenehana tegese uga tuladhane ukarane
Lumpuh ngideri jagad tegese yaiku duwe kekarepan kang mojal keturutan. Tuladha ukara, Bocah ora gelem sinau pengen pinter kayadene lumpuh ngideri jagad.
Matang tuna numbak luput tegese yaiku tansah luput kabeh panggayuhane. Tuladha ukara; Mesakne Agustinus amarga uripe matang tuna numbak luput.
Ngajari bebek nglangi tegese yaiku penggaweyan sing ora ana paedahe. Tuladha ukara; Mulang ngaji marang kiai padha karo ngajari bebek nglangi.
Pandhitane antake tegese yaiku laire katon suci batine ala. Tuladha ukara; Akeh uwong kapusan karo Agustinus amarga dheweke pandhitane antake.
Bebasan
Pengertian utawa pangertene bebasan yaiku Unen – unen kang ajeg panggonane, duwe teges entar, mawa gegambarang, kang digambarake kahanan.
Ciri-ciri bebasan yaiku;
- Ajeng panggonane
- Tegese entar (kias)
- Nganggo gegambaran
- Tanpa jejer (subyek)
Tuladha bebasan lan tegese
Lambe satumang kari samerang tegese yaiku dituturi bola bali meksa ora digugu. Tuladha ukara; Bu guru wis mumet karo Agustinus amarga anggone nuturi nganti lambe satumang kari samerang.
Mikul dhuwur mendem jero tegese yaiku bisa njunung drajate wong tuwa. Tuladha ukara : menawa dadi anak iku mesthine bisa mikul dhuwur mendem jero.
Nabok nyilih tangan tegese yaiku tumindak ala kanthi kongkonan wong liya. Tuladha ukara : Akeh politikus kang tumindak nabok nyilih tangan.
Ora tembung ora lawung tegese yaiku njupuk barange liyan tanpa kandha dhisik. Agustinus gawe bingung tanggane amarga senengane ora tembung ora lawung.
Palang mangan tandur tegese yaiku diwenehi kapercayaan nanging malah gawe kapitunan. Tuladha ukara ; Masrahne barang marang Agustinus malah dadine palang mangan tandur.
Saloka
Pengertian utawa pangertene saloka yaiku unen – unen kang ajeg panggonane, duwe tegese entar, mawa gegambaran, barang utawa kewan kang nggambarake lumrahe dadi jejer (subyek).
Ciri-cirine saloka yaiku;
- Ajeg panggonane
- Tegese entar
- Mawa gegambaran barang utawa kewan
- Lumrahe ana jejere
Tuladha tembung saloka lan tegese
Lahang karoban manis tegese yaiku rupane bagus utawa ayu tur luhur bebudene. Tuladha ukara : Aku tresna marang Shinta Katmadona amarga dheweke lahang karoban manis.
Mubra – mubru blabur madu tegese yaiku wong sing sarwa kecukupan. Tuladha ukara : Atiku seneng amarga saiki Asti Setyorini wis mubra – mubru blabur madu.
Ngalasake Negara tegese wong sing ora manut pranatane negara. Tuladha ukara: Lik Usman ngalasake negara amarga ndadekake ponakane dadi wakil RT kanthi cara ala.
Ora ganja ora unus tegese yaiku wong kang ala rupane uga atine. Tuladha ukara; Akeh wong ora gelem kekancan karo Agustinus amarga dheweke ora ganja ora unus.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan tegese yaiku wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-enteki. Tuladha ukara; Masrahake warung marang agustinus padha wae kaya pitik trondhol diumbar ing padaringan.
Bedane Paribasan Bebasan Lan Saloka
Apa Bedane Paribasan Bebasan Lan Saloka? Berikut adalah perbedaannya dalam bagan yang dapat anda cermati sebagaimana berikut ini;
Paribasan | Bebasan | Saloka |
Ajeg panggonane | Tegese entar (kiasan) | Tegese entar (kiasan) |
Tegese wantah (apa anane) | Gegambaran arupa kahanan | Gegambarane arupa kewan/barang |
Tanpa jejer | Tanpa jejer (subyek) | Lumrahe ana jejere |
Tetembungane ora kena diwolak walik | Tetembungane ora kena diwolak walik | Tetembungane ora kena diwolak walik |
Demikianlah pembahasan tentang perbedaan antara tembung paribasan bebasan dan saloka Bahasa jawa beserta contoh dan artinya lengkap tuladha ukara (contoh kalimat). Maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.