Terangna tegese tembung jroning ukara ing ngisor iki! Terangkanlah arti kata dalam tembung entar kalimat dibawah ini menggunakan bahasa Jawa.
- Supaya bisa luwih jelas dheweke adol prungon menyang tanggane,
adol prungon tegeseyaiku golek informasi utawa ngurok-ngrungokake pawarta.
Artinya : Agar bisa lebih jelas dia jual pendengaran kepada tetangganya,
Arti jual pendengaran (adol prungon) adalah mencari informasi atau menyimak/mendengarkan berita.
- Merga wis pingget atine, ditakonana tetep ora gelem nyauri.
pingget atine tegese lara atine, serik, mangkel, kuciwa lan sakpiturute.
Artinya : karena sudah luka hatinya, ditanyai sekalipun tetap tidak mau menjawab.
Luka hatinya artinya adalah sakit hati, kecewa, dan lain sebagainya.
- Adi kuwi pancen dawa ususe, dilokne kayangapa tetep ora nesu.
dawa ususe tegese yaiku sabar (nganggo banget).
Artinya : Adi itu memang panjang ususnya, dikata-katain bagaimanapun tetap tidak marah.
Panjang ususnya artinya adalah penyabar atau sangat sabar.
- Muga-muga eyang bisaa jembar kubure lan dingapura kabeh dosane.
jembar kubure tegese yaiku mlebu swarga utawa entuk panggonan sing jembar lan mulya ing alam kelanggengan.
Artinya : Semoga simbah bisa luas kuburnya dan dimaafkan semua dosanya.
Luas kuburnya artinya adalah semoga masuk surga mendapatkan tempat yang luas dan mulia di akhirat.
- Desa kene iki, saiki lagi larang pangan mulane kowe sing gemi!
larang pangan tegese regane padha mundhak lan angel digoleki.
Desa ini sekarang sedang mahal makanan sehingga kamu harus berperilaku perhitungan yang teliti!
Mahal makanan artinya adalah harga-harga naik dan susah mencarinya (bahan makanan tersebut).
Terangna tegese tembung jroning ukara ing ngisor iki!

Tembung-tembung entar kang ana ing ngisor iki coba terangna apa tegese lan andharna kanthi cetha!
- Kowe kuwi dadi wong mbok aja mara tangan karo adhi-adhine.
Mara tangan tegese yaiku cengkiling, seneng milara, seneng gawe lara raga.
Artinya : Kamu itu jadi manusia jangan datang tangan dengan adik-adiknya.
Datang tangan artinya adalah cengkiling, yaitu ringan tangan dalam artian mudah memukul suka main fisik.
- Aku sakjane ya wis meres pikir, nanging isih durung temu dhodhok selehe.
Tegese meres pikir yaiku mikir kanthi temen-temen temenan.
Aku sebenarnya ya sudah memeras pikiran, namun masih belum ketemu seperti apa duduk perkaranya.
Arti memeras pikiran adalah berpikir dengan keras atau sungguh-sungguh memikirkan (berusaha mencari jalan keluar).
- Bocah sing tipis lambene, kancane akeh sing ora seneng.
Tipis lambene tegese yaiku akeh omongan, criwis, lan seneng ngrasani.
Artinya : Anak yang tipis bibirnya, temannya banyak yang tidak suka.
Tipis bibirnya artinya adalah banyak omong, cerewet, suka menggunjing.
- Bocah lanang apa kok kowe wedi getih, mbok ya sing kendel!
Wedi getih tegese yaiku jirih, ora kendel babar blas.
Artinya : Anak laki-laki apaan kok kamu takut darah, harusnya yang pemberani!
Takut darah artinya adalah penakut, bukan pemberani.
- Ing omahe tanggamu wingi sore kok udan tangis, sapa sing seda?
Udan tangis tegese yaiku akeh wong kang nangis amarga kahanan kang sedhih kesusahan
Artinya : Di rumahnya tetanggamu kemarin sore kok hujan air mata, siapa yang wafat?
Hujan air mata artinya adalah banyak orang yang menangis karena sedang berkesusahan.
Demikianlah kunci jawaban untuk soal pertanyaan bahasa Jawa yang berbunyi “Terangna tegese tembung jroning ukara ing ngisor iki!”
