Tembung Entar Ing Ngisor Iki Gawea Ukara saengga dadi tuladha ukarane kang jangkep lan nduweni teges kang jumbuh karo karepe sajroning tembung.
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, berikut ini adalah contoh kalimat tembung entar dalam Basa Jawa serta artinya dan terjemah kedalam Bahasa Indonesia.
Kenapa ada terjemahan artinya?
Untuk memudahkan dalam memahami maksud dan makna ungkapan dalam tembung entar ini.
Langsung saja berikut contoh kalimat tembung entar dalam bahasa Jawa.
- Kembang lambe
- Manis eseme
- Meres pikir
- Mogel ilate
- Padhang pikire
- Rupak atine
- Thukul pikire
- Udan tangis
- Ngabangake kuping
- Kethul pikire
Tembung Entar Ing Ngisor Iki Gawea tuladha Ukara
Kembang lambe :
Agustinus dadi kembang lambe tangga kiwa tengene amarga tingkah polahe.
Artinya : Agustinus menjadi bunga bibir tetangga kiri kanan karena tingkah polahnya.
Tegese kembang lambe yaiku dadi gunem wong akeh omongane wong liya.
Manis eseme :
Akeh sing ngesir Ria Puspitasari amarga manis eseme.
Artinya : Banyak yang naksir Ria Puspitasari karena manis senyumnya.

Tegese manis eseme yaiku mesem kang becik lan nengsemake, eseme ngresepake ati.
Meres pikir :
Aku sakjane ya wis meres pikir, nanging isih durung temu dhodhok selehe.
Tegese meres pikir yaiku temenan anggone mikir.
Mogel ilate:
Ria Puspitasari mogel ilate nalika dolan menyang pameran kuliner ing Karangpandan.
Artinya : Ria Puspitasari bergoyang lidahnya pada saat dolan ke pameran kuliner di (wilayah) Karangpandan.
Mogel ilate tegese yaiku seneng mangan enak, mangan sarwa enak lan maneka werna.
Tegese Padhang pikire, rupak Jagade, thukul Pikire, Gawea Tuladha ukara tembung entar ana ing ngisor iki!
Padhang pikire
Jadug padhang pikire nalika weruh Ria Puspitasari ing Kantor Pos.
Artinya : Si Jadug senang pada saat melihat si Ria Puspitasari di Kantor Pos.
Tegese padhang pikire yaiku seneng, bungah.
Rupak Jagade
Agustinus rupak jagade amarga utange akeh banget.
Artinya : Si Agustinus rusak dunianya karena hutangnya sangat banyak.
Tegese rupak jagade yaiku judheg, ora bisa mrana-mrana.
Thukul pikire
Amarga seneng sinau saiki Ria dadi thukul pikire.
Karena senang membaca buku sekarang Ria menjadi tumbuh pikirannya.
Tegese thukul pikire yaiku akeh akale.
Dalam bahasa Indonesia kita bisa menyebutnya dengan kata “cerdik”.
Udan tangis
Indonesia udan tangis nalika Bung Hatta seda.
Artinya : Indonesia hujan tangis pada saat Bung Hatta meninggal dunia.
Tegese udan tangis yaiku akeh wong kang nangis amarga kahanan kang sedhih kesusahan.
Ngabangake kuping
Omongane Agustinus pancen ngabangake kuping.
Artinya : omongannya si Agustinus memang memerahkan telinga.
Tegese ngabangake kuping yaiku gawe nesu.
Kethul pikire
Uwong menawa ora gelem sinau bakale kethul pikire.
Orang apabila tidak mau belajar nantinya tumpul pikirannya.
Tegese kethul pikire yaiku bodho, ora mudhengan.
Demikianlah contoh kalimat gawea tuladha ukara tembung entar basa Jawa lan tegese. Maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.
