Desa Mawa Cara, Negara Mawa Tata Tegese, Purwakanthi

Desa Mawa Cara, Negara Mawa Tata Tegese, Purwakanthi
unen unen tembung paribasan basa Jawa kang ateges saben papan panggonan nduweni adat istiadat dhewe dhewe

Unen unen tembung paribasan desa mawa cara negara mawa tata tegese yaiku saben papan pradesan utawa negara nduweni adat istiadat lan tatanan lan cara dhewe-dhewe. Artinya desa dengan cara, negara dengan tata, maksudnya yaitu setiap desa atau negara memiliki adat isitiadat dan tata cara sendiri-sendiri.

Pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, dalam pengertian basa Jawa, Paribasan yaiku tetembungan kang ajeg panganggone, tegese wantah utawa baku.

Contoh tembung paribasan yang lain misalnya yaitu;

Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa
Beda-beda pandumaning dumadi
Becik ketitik ala ketara
Anak polah, bapa kepradhah

Tuladha ukara : Ing saben dhaerah iku duwe pranatan dhewe-dhewe, paribasane desa mawa cara, negara mawa tata, mula ora perlu gumun.

Misalnya di Bulgaria, menggelengkan kepala merupakan kode mengiyakan atau mengatakan iya. sedangkan mengangguk adalah kode untuk mengatakan tidak.

Desa mawa cara negara mawa tata kalebu purwakanthi

Ungkapan tembung unen unen bebasan sing unine desa mawa cara, negara mawa tata kalebu purwakanthi Guru Swara.

Purwakanthi yaiku ukara kang ngemu tembung-tembung kang runtut ; runtut swarane utawa runtut sastrane.

Manut wujude, purwakanthi iku ana warna 3 jinise yaiku :

a. purwakanthi guru swara
b. purwakanthi guru sastra
c. purwakanthi guru basa

Purwakanthi guru swara utawi dipunsebut asonansi inggih menika purwakanthi/ungel-ungelan ingkang mawa titikan runtut sastranipun (vokal).

Tegesipun tibaning swara a, i, u, e, o ing pungkasaning tembung pisanan lan sabanjure sami.

Purwakanthi guru swara atau disebut asonansi adalah purwakanthi / suara yang memakai ciri urut sastra vokalnya. Artinya jatuhnya suara a, i, u, e o pada akhir kata pertama dan selanjutnya sama.

Contoh purwakanthi guru swara yang lain misalnya yaitu;

Gemi setiti ngati ati, tegese yaiku becik pangrumat marang darbèké, pinter nata butuhing pedinan

Ana awan ana pangan tegese yaiku rejeki wis diatur Gusti Allah.

Penjelasan :
Ana awan iku tegese ana dina, lan ana pangan iku tegese ana rejeki sing dibutuhna. Dadi, uwong sing kepingin rejeki ya mung perlu usaha, mengko rejeki bakal mara.

Artinya ada siang itu maksudnya ada hari, ada makanan itu artinya ada rejeki yang dibutuhkan. Jadinya orang yang ingin mendapatkan rejeki ya hanya perlu berusaha, nanti rejeki akan datang.

Demikian informasi tentang tegese dan purwakanthi unen unen deso mowo coro negoro mowo toto beserta contoh purwakanthi guru swara lan tegese. Maturnuwun sudah mampir, wilujeng enjang wassalamu’alaikum.

Tentang

salam blogger

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*