Coba tegesana Paribasan-paribasan iki! Cobalah untuk memberi makna atau menjelaskan maksud dari peribasan berikut ini!
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu. dalam soal bahasa Jawa tentang paribasan ini, siswa mendapat perintah untuk mencoba menerangkan maksud yang ada dalam tembung paribasan.
1. Eman-eman ora keduman
Tegese: Karepe eman – eman malah awake dhewe ora keduman. Maksud hati hendak berhati hati menyimpan namun malah tidak mendapatkan bagian.
2. Becik ketitik, ala ketara
Tegese: becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine. Baik dan buruk akan tampak di waktu kemudian.
3. Jer Basuki masa beya
Tegese: Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat. Segala cita cita keinginan memerlukan biaya (pengorbanan).
4. Sepi ing pamrih rameame ing gawe
Tegese: tumandhang gawe tanpa duwe melik. Melakukan pekerjaan tanpa pamrih.
5. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Tegese: Kabeh kang ngalang-alangi bakal disingkirake. Semua yang menghalangi akan disingkirkan.
6. Mikul dhuwur dhuwur mendhem jero
Tegese : Bisa njunjung drajate wong tuwa. Bisa menjunjung (tinggi) derajat (kedudukan) orang tua.
7. Njajah desa milang kori
Tegese : Mideri panggonan nganti tekan ngendi-endi. Mengelilingi tempat wilayah sampai kemana-mana.
8. Sadumuk bathuk sanyari bumi
Tegese : Pasulayan dilabuhi nganti tekan pati. Perkelahian, permusuhan dilakukan sampai ajal menjemput.
Coba tegesana Paribasan-paribasan ing ngisor iki!
9. Adigang adigung adiguna
Tegese : Ngendelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane. Menyombongkan kekuatan, keluhuran, dan kepandaiannya.
10. Anak polah bapa kepradhah
Tegese : Wong tuwa bakal ngerasakake tumindake anake utawa amarga tingkah polah anake wong tuwa dadi rekasa.
Artinya adalah Orang tua akan merasakan perbuatan anaknya atau karena perilaku anaknya orang tua menjadi susah.
11. Ana catur mungkur
Tegese : ora gelem ngrungokake suwara ala rerasan kang ora becik. Tidak mau mendengarkan omongan jelek pergunjungan yang tidak baik.
12. Sapa salah seleh
Tegese : sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni, utawa Wong kang tumindak luput bakal konangan. Siapa yang bersalah pada akhirnya akan mengakui (kesalahan atau kekalahannya). Atau orang yang bertindak salah keliru akan ketahuan.
13.Desa mawa cara negara mawa tata
tegese : Saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe. Setiap tempat atau wilayah memiliki cara dan adat masing-masing.
14. Durung pecus keselak besus
Tegese : Seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada), utawa durung sembada nanging kepengen sing ora-ora. Senang berbicara tinggi-tinggi namun tidak bisa membereskan pekerjaan (tidak sepadan antara omongan dan hasil karyanya), atau belum pantas atau belum cakap namun sudah memiliki keingin yang tidak-tidak.
15.Yitna yuwana lena kena
Tegese : kudu sing ngati-ati, yen ngati-ati bakal slamet, yen pepeka bakal cilaka. Harus berhati-hati, jika berhati-hati akan selamat, apabila ceroboh akan celaka.
16. Kuncung nganti gelung
Tegese : wiwit cilik utawa bocah nganti gedhe utawa tekan tuwa. Dari semenjak kecil sampai berumur atau tua.
17. Emban cindhe emban siladan
Tegese yaiku bedak-bedakane, ora adil, pilih kasih. Membeda-bedakan, tidak berlaku adil, pilih kasih.
Demikianlah informasi tentang kunci jawaban dari contoh soal bahasa Jawa Coba tegesana Paribasan-paribasan iki! Maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.
