Aja Sok Nêkuk Bantal, Mundhak Ora ilok

Aja Sok Nêkuk Bantal, Mundhak Ora ilok
wewaler gugon tuhon Aja Sok Nêkuk Bantal, Mundhak Ora ilok tegese lan karepe nganggo Basa Jawa

Terangna apa karepe gugon tuhon utawa wewaler ana ing ngisor iki lan andharna nganggo basa Jawa migunakake basa ngoko lan basa krama! Menawa turu utawa ana ing paturon aja sok nekuk bantal mundhak ora ilok.

pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullaahi wa barakatuhu, kenangapa ora ilok menawa nekuk bantal? Karepe yaiku supayane nalika turu sirahe ora nganthi dhengklek, menawa gulune ndhengklek suwe, rikala tangi utawa wungu dadine gulune lara utawa tengeng.

Luwih pepake ngene, turu, utawa basa krama inggile sari iku menawa bantale ditekuk akrepe mung sirahe isa dhuwur, pamrihe supaya krasa kepenak. Nanging menawa turu nganti ndhengklek iku ora becik. Amarga menawa turu kepenak banget, amarga saka kesele anggone dolanan utawa makarya wayah awan utawa turu kewengen, sabanjure suwe ora alihan, kaya ngene iki sabanjure nyebabake lara tengeng.

Apa maneh kang kulina ngorok, jalaran lakune napas ora lancar, sakliyane iku bantal kang ditekuk bisa nyebabake suwek utawa bedhah.

Tegesipun wewaler gugon tuhon Aja sok nêkuk bantal, mundhak ora ilok karepe nggih punika kados mekaten

Tatilêman utawi tilêm, punika manawi bantalipun dipun tekuk, nggadahi pamrih supados mustakanipun sagêd inggil, kajêngipun supados kraos sakeca anggenipun leyeh-leyeh.

Ananging sare mustakanipun ngantos andhêngklèk, punika mbotên prayogi.Amargi manawi anggenipun sare sakecanên, jalaran saking sayah anggènipun makarya utawi dolanan ing wayah siyang utawi sarene wengi sanget, lajêng dangu botên alihan, inggih punika saget anjalari sakit tèngèng. Makatên malih tilêm ingkang kados wau, asring ngorok.

Amargi lampahing napas botên lancar, kajawi saking punika, bantal dipun têkuk punika kêtikêl, dados sagêd suwèk utawi bêdhah.

Jadi penjelasan wewaler menekuk bantal bukanlah hal yang tidak baik adalah sebagai berikut ini;

Orang tidur yang menekuk bantal itu tujuannya agar posisi kepala lebih tinggi. Tujuannya agar merasa nyaman saat rebahan di kasur tempat tidur maupun di lantai.

Namun jika menekuk bantal ini posisinya terlalu tinggi akan menyebabkan ndengklek atau leher terlalu menekuk. Apabila tidurnya sangat pulas, karena capek bekerja atau seharian beraktivitas, atau karena tidur larut malam, selanjutnya tidak berubah posisi tidurnya bisa menyebabkan leher menjadi sakit tengeng atau uratnya ketarik (menimbulkan sakit dan tidak nyaman).

Demikianlah arti gugon tuhon aja sok nekuk bantal ora ilok, maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.

Tinggalkan Balasan

Mumtaz Hanif

Murid Kelas 5 Madrasah Ibtidaiyah Negeri