Wangsalan ing ngisor iki jangkepana kanthi milih pilihan jawaban kang wis sumadya!
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, arti dari perintah soal bahasa Jawa diatas adalah sebagai berikut.
Wangsalan dibawah ini lengkapilah dengan memilih pilihan yang sudah ada atau tersedia.
Secara teknis, ini merupakan model contoh soal wangsalan bahasa Jawa model menjodohkan.
Bisa lajur kiri dengan kanan atau pertanyaan ada diatas dan pilihan Jawabannya ada pada bagian bawah.
Jadi dalam soal ini unine cangkriman yaiku;
- Ngrokok cendhak,
- Nglemah bengkah,
- Ngembang duren,
- Sekar aren,
- Nganak kethek,
- Welut wana,
- Roning asem,
- Nggayung sumur,
- Mbalung geni,
- Ngukus gantung,
- Isi nangka,
- Buron toya,
- Carang wreksa,
- Mbalung janur,
•Witing pari, - Sarung jagung,
•Isining sawo,
Pilihan Jawaban :

a. Mugi paring usada
b. Abot entheng daklakonane
c. Ora becik yen plonga-plongo
d. Dimen mari nggonku lara iki
e. Aja unyak-unyuk mundhak ngisin-isini
f. Wis suwe dheweke ora katon
g. Mumpung enom magurua
h. Ana wong liwat kok ndlongop wae
i. Waton awakmu segeri.
j. Ana wong ngomong kok nyela-nyela
K. Ora gampang sinau basa
L. Mbok menawa kowe bisa teka
m. Anggenipun tindak sampun dangu-dangu.
N. Sajake kok rada kemba
o. Ana wong rembugan kok neges-neges
p. Kawula amung saderma
q. Beja temen awak kula
r. Kowe kok nyawang wae
Adapun Jawabannya adalah sebagai berikut;
Wangsalan ing ngisor iki jangkepana kanthi milih pilihan jawaban kang wis sumadya!
Ngrokok cendhak, o. Ana wong rembugan kok neges-neges.
Batangane ngrokok cendhak yaiku tegesan, tebusane yaiku neges-neges.
Nglemah bengkah, j. Ana wong ngomong kok nyela-nyela.
Batangane nglemah bengkah yaiku tela, tebusane yaiku nyela-nyela.
Ngembang duren, h. Ana wong liwat kok ndlongop wae.
Batangane ngembang duren yaiku dlongop, tebusane yaiku ndlongop.
Sekar aren, m. Anggenipun tindak sampun dangu-dangu.
Batangane sekar aren yaiku dangu, tebusane yaiku dangu-dangu.
Nganak kethek, e. Aja unyak-unyuk mundhak ngisin-isini.
Batangane nganak kethek yaiku munyuk, tebusane yaiku unyak – unyuk.
Welut wana, Kawula amung saderma.
Batangane welut wana yaiku ula, tebusane yaiku kawula.
Roning asem, Mumpung enom magurua.
Batangane roning asem yaiku sinom, tebusane yaiku enom.
Nggayung sumur, N. Sajake kok rada kemba.
Gayung sumur batangane yaiku timba, tebusane yaiku kemba.
Mbalung geni, L. Mbok menawa kowe bisa teka.
Mbalung geni batangane yaiku mawa, tebusane yaiku menawa.
Ngukus gantung, r. Kowe kok nyawang wae.
Batangane kukus gantung yaiku sawang, tebusane yaiku nyawang.
Isi nangka, f. Wis suwe dheweke ora katon.
Isi nangka batangane beton, tebusane yaiku katon.
Buron toya, Waton awakmu segeri.
Buron toya batangane segara, tebusane yaiku segeri.
Carang wreksa, K. Ora gampang sinau basa.
Carang wreksa batangane yaiku pang, tebusane yaiku gampang.
Mbalung janur, a.Mugi paring usada.
Batangane mbalung janur yaiku sada, menawa tebusane yaiku usada.
Witing pari, d. Dimen mari nggonku lara iki.
Witing pari batangane yaiku damen, tebusane yaiku dimen.
Sarung jagung, b. Abot entheng daklakonane.
Sarung jagung batangane yaiku klobot, tebusane yaiku abot.
Isining sawo, c. Ora becik yen plonga-plongo.
Wangsalan isining sawo batangane yaiku kecik, tebusane yaiku becik.
