Genepana Ukara kang Ngemu wangsalan ing ngisor Iki

Genepana ukara kang Ngemu wangsalan ing ngisor Iki
Genepana ukara kang Ngemu wangsalan ing ngisor Iki Ukara kang ngemu wangsalan ngisor iki golekna batangane

Ganenepana ukara kang Nemu wangsalan ing ngisor Iki Ukara kang ngemu wangsalan ngisor iki golekna batangane!

Njanur gunung ….. Dolan mrene (jawabane yaiku kadingaren).
Balung Klapa ….. Ora ngerti (jawabane yaiku ethok-ethok).
Jangan gori, nganti ….. Anggonku mikir (jawabane yaiku judheg).
Klapa muda …… Nggonku nadhang branta (jawabane yaiku leganana).
Witing pari ….. Mari nggonku lara ati (jawabane yaiku damen).

Batangane wangsalan ing ndhuwur yaiku kaya ana ing ngisor iki

Njanur gunung batangane yaiku aren.

Balung Klapa batangane wangslan iki yaiku bathok.

Jangan gori, batangane yaiku gudheg.

Klapa muda batangane yaiku degan.

Witing pari batangane yaiku damen.

Roning mlinjo Mas, sampun sayah nyuwun ngaso. Batangane so.

Mbalung ula, dhasar isih mudha bregas tur waskitha, batangane mbalung ula yaiku gragasan.

Bayem arda, putri anteng tur jatmika. Bayem arda batangane yaiku lateng.

Balung klapa, ethok-ethok ora krasa, batangane yaiku bathok.

Cagak griya, tan becik duhka nestapa, batangane yaiku saka.

Uler kambang, yen trima alon-alonan, batangane yaiku lintah.

Pindhang lulang, kacek apa aku lan dheweke batangane yaiku krecek.

Ngembang jambu, ja kemaruk yen duwe ngelmu. Batangane yaiku karuk.

Jenang sela, wader kali sesondheran Apuranta yen wonten lepat kawula. Jenang sela batangane kapur, wader kali batangane sepat.

Ancur kaca, kaca kocak munggwing wana Den rinasa, tindak mamak tan prayoga. Ancur kaca batangane yaiku banyu rasa.

Ukara kang ngemu wangsalan ngisor iki golekna batangane!

Carilah jawaban dalam kalimat yang mengandung wangsalan berikut ini dalam Bahasa Jawa.

Ukara kang ngemu wangsalan ngisor iki golekna batangane! Menawa cangkrimane uwis cumepak ana ing soal pitakon kacithak kandhel.

Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni kowe! Batangane nyaron bumbung yaiku angklung, tebusane yaiku cengklungen.

Kancing gelung mungguhing jaja, titenana kasunyatane besuk! Batangane wangsalang kancing gelung yaiku peniti, tebusane yaiku titenana.

Roning mlinjo, aku kesel tak ngaso dhisik! Batangane wangsalan roning mlinjo yaiku so, menawa tebusane yaiku ngaso.

mbalung geni, mbok menawa olih aku arep melu! Batangane wangsalan mbalung geni yaiku mawa, menawa tebusane yaiku mawa.

Tinggalkan Balasan

Mumtaz Hanif

Murid Kelas 6 Madrasah Ibtidaiyah Negeri