- Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ….
A. enem
B. lima
C. papat
D. telu
Jawabane yaiku C, wujude cangkriman kaperang dadi papat.
Cangkriman yaiku; unen-unen sing kudu dibatang utawa dibedhek. Mula diarani batangan utawa bedhekan.
Cangkriman ana 4 wujude yaiku:
- Cangkriman sing wujude cekakakan (wacahan)
- Cangkriman sing wulude irib-iriban (pepindahan)
- Cangkriman sing wujude plesetan (blenderan)
- Cangkriman sing sinawung (kamot) ing tembang
Wujude cangkriman lan tuladha kepriye unine cangkrimane uga batangane
Jadi menurut buku gladhen basa Jawa kelas 6 semester 2 menyebutkan bahwa jenis cangkriman ada 4 macam.
Adapun keempat macam cangkriman tersebut adalah cangkriman;
- Wancahan (cekakan)
- Irib-iriban (pepindhan)
- Blenderan (plesetan)
- Sinawung tembang (kaamot ana sajroning lagu utawa tetembangan.
Tuladhane cangkriman wancahan misale;
- Sinyo tuwan batangane gusine menyonyo untune kedawan
- Gerbong lengyu batangane Pagere kobong, celenge mlayu
- Gowang pelot batangane Jagone ana lawang, cempene mencolot.
Tuladha cangkriman irib-iriban misale;
- Anake gelungan, ibune ngrembyang batangane yaiku pakis
- Kayu mati digubet ula mati batangane yaiku gangsing
- Pitik putih ngendhog ing segara getih batangane yaiku manggis
Tuladha cangkriman plesetan misale;
- gajah ngidak endhog ora pecah batangane sing ora pecah gajahe
- Suru supaya bisa mlayu dikapakake? batangane digebuk, suru karepe yaiku asu turu.
- saiki ula ula wis ora ana sing mandi batangane : bener saiki ula ula ora ana sing mandi amarga karepe ula-ula ana ing geger utawa balung kang ana ing geger (tulang punggung).
Kebo Picak Kalebu ….
- Kebo picak kalebu ….
A. cangkriman awujud pepindhan
B. cangkriman awujud blenderan
C. cangkriman sinawung ing tembang
D. cangkriman awujud wancahan
Jawaban : kalebu cangkriman wancahan saka tembung kebo sapi cecak.
Namung bisa uga dadi cangkriman blenderan amarga karepe kebo picak matane pira dudu kebo kang kero utawa wuta mripate, ananging picak iku wancahan saka sapi lan cecak.
Saengga matane kebo picak iku ana enem utawa telung pasang.
- Dikethok malah dhuwur kalebu ….
A. cangkriman awujud pepindhan
B. cangkriman awujud blenderan
C. cangkriman sinawung ing tembang
D. cangkriman awujud wancahan
Jawabane yaiku cangkriman pepindhan utawa cangkriman irib-iriban. Nek mangsaku jane kalebu cangkriman wantah amarga cangkriman iku batangane apa anane.
- Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ….
A. Bocor malah enak.
B. Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati.
C. Segara beldhes.
D. Sega sakepel dirubung tinggi.
Jawabane yaiku A bocor malah enak.
Mungguhku, iso wae pilihan jawabane iki kleru ngetik. Sing dikarepake sakbenere yaiku bosok malah enak sik batangane tape utawa peuyeum.
ilustrasi gambar foto : Heronita Perwirasari, owner parcel mania Karanganyar
