Yen Angop Ditutupi, Mundhak Dileboni Setan (Gugon Tuhon)

Yen Angop Ditutupi, Mundhak Dileboni Setan
karepe gugon tohon Yen Angop Ditutupi, Mundhak Dileboni Setan tegese yaiku nganggo Basa Jawa

Yèn angop kudu ditutupi cangkême, mundhak dilêboni setan, andharna lan terangna apa karepe lan tegese lan gugon tuhon utawa utawa wewaler menawa pas angop kudu nutupi tutuk utawa cangkem!

pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullah wa barakatuhu, dalam wewaler atau gugon tuhon ini menerangkan perintah untuk menutupi mulut saat sedang menguap, karena nantinya jika anda tidak menutupi mulut maka setan akan masuk atau kemasukan setan.

Maksudnya bagaimana nih?

Dalam penjelasan menggunakan basa krama inggil tegese yen angop kudu ditutupi cangkeme mundhak dileboni setan tegese : Angob punika tutkipupun mênga wiyar, lambenipun nancut ngatingalakên waja, dados manawi mbotên dipun tutup, mênga amba malongo kados guwa. Sarêng katingal wajanipun, mèmpêr sêgawon angisis siyung.

Kajawi saking punika, panyêrotipun ambêkan rosa sangêt, dados upami sangajêngipun wontên kewan bangsanipun muring, saèstu blêng katut lumêbêt ing cangkêm.

Jika kita menggunakan Basa Jawa ngoko, maka karepe menawa angop kudu ditutup mundak setane mlebu yaiku : angop iku cangkeme menga amba, lambene mbukak ngatonake untu. Dadine menawa ora ditutupi, mbuka amba kaya guwa. Amarga menga amba ketok untune memper asu mengingis katon siyunge.

Sakliyane iku, nyedhote ambegan kuwat banget, dadine menawa ngarepe ana kewan bangsane klaper, yakin bleng katut mlebu sakjerone cangkem.

Karepe Gugon Tuhon Yen Angop Ditutupi, Mundhak Dileboni Setan

Dadi karepe gugon tuhon iki yaiku menawa nembe angop kudu nutupi cangkeme, ora amarga ana setan bakale langsung mlebu ana ing cangkeme. Ananing karepe yaiku supaya ora ana kewan cilik kang mabur bangsane klaper lan liya – liyane mlebu ana ing cangkeme amarga kesedhot nalikane ambegan.

Kajaba iku, angop kang ora ketutupan tangan ndadekake katon untune, dadine ora ilok lan saru, menawa ketok untune memper kaya asu kang mengingis ketok siyunge.

Sebenarnya bukan saja dalam adab perilaku budaya orang jawa saat menguap untuk menutup mulut. Dalam Islam juga mengajarkan itu dan menjelaskan bahwa menguap merupakan salah satu jalan setan masuk.

Hadits tentang menutup mulut saat menguap agar setan tidak masuk ini salah satunya berdasarkan riwayat Abu Sa’id Al Khudri radhiallahu’anhu, Nabi Shallallahu’alaihi Wasallam bersabda:

إِذَا تَثَاوَبَ أَحَدُكُمْ فَلْيُمْسِكْ بِيَدِهِ عَلَى فِيهِ ، فَإِنَّ الشَّيْطَانَ يَدْخُلُ

“Jika kalian menguap maka tutuplah mulutnya dengan tangannya. Karena setan akan masuk”

Demikianlah gugon tuhon dalam Bahasa Jawa untuk menutupi mulutnya saat sedang menguap lengkap dengan alasan dan penjelasan dalam Basa Jawa beserta terjemahan ke Indonesia. Maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.

Tinggalkan Balasan

Mumtaz Hanif

Murid Kelas 5 Madrasah Ibtidaiyah Negeri