Geguritan Guruku Basa Jawa dan kunci Jawaban

Geguritan Guruku Basa Jawa dan kunci Jawaban

Geguritan Guruku dan Jawabannya sebagai contoh puisi bahasa Jawa tentang guru untuk materi pembelajaran.

pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo soal no 1 – lan sateruse! Perhatikanlah puisi dibawah ini untuk untuk menjawab soal nomor satu sampai selesai.

Sira kang mulang aku (anda yang mengajari saya)
Sira kang mulang tanpa sayah (anda yang mengajar tanpa lelah)
Nesumu minangka tandha tresnamu (marahmu sebagai tanda cinta)
Marang aku kang isih cubluk (kepada saya yang masih bodoh)
Aku durung ngerti carane matur nuwun (saya belum tahu caranya berterima kasih)
Muga wae guritan prasaja iki bisa dadi sarana (semoga saja puisi sederhana ini bisa menjadi sarana)
Kanggo ngucapake matur nuwun marang sliramu (untuk mengucapkan terima kasih kepada dirimu)

Sliramu wis menehi aku akeh kawruh (dirimu sudah banyak memberiku banyak pengetahuan)
Sliramu ora bosen-bosen ngajari aku (dirimu tidak bosan bosan mengajariku)
Mung tembung matur nuwun (hanya ucapan terima kasih)
Ingkang saged kula aturaken (yang bisa saya haturkan)
Nyuwun pangaputen (mohon maaf)
Yen murid isih cubluk (jika murid masih bodoh)

Kunci Jawaban Geguritan Guruku Basa Jawa

Geguritan ing ndhuwur katujokake marang guru (puisi diatas ditujukan kepada guru).

Tegese cubluk yaiku bodho (artinya cubluk adalah bodoh).

Nesune guru minangka tandha tresna guru marang murid (marahnya guru sebagai tanda sayang guru kepada muridnya).

Tembung sayah tegese yaiku kesel (arti kata sayah adalah capek).

Tembung prasaja tegese yaiku sederhana (artinya prasaja adalah sederhana).

Isi geguritan ing ndhuwur yaiku nyritakake sesambungan antarane guru karo muride lan murid ngaturaken panuwun marang gurune.

Manut geguritan judhul “guruku” nyritakake sesambungane murid karo gurune.

Nalika maca geguritan, obahing awak ora kaku, nanging luwes, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana. pasemon praenan kudu salaras karo isine geguritan nanging aja banget-banget. Iki ateges anggone maca geguritan nggatekake Wirama (irama/lagu), Wirasa (rasaning swasana ati), Wiraga (obahing awak), lan Wicara (pocapan).

Demikianlah pembahasan tentang jawaban geguritan guruku basa Jawa lan tegese artinya beserta terjemahan dalam Bahasa Indonesia. Maturnuwun sudah mampir, wassalaamu’alaikum.

Tentang

salam blogger

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*