Aja Mangan Sangga Ajang tegese gugon tuhon utawa wewaler menawa ora ilok mangan kara nyangga ajang.
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, Salah sijine warisan leluhur wong jawa yaiku pitutur menawa nemoni kahanan utawa keadaan kang ora apik mesthine ditinggalake kang diarani wewaler utawa gugon tuhon.
Tuladha gugon tuhon misale yaiku ora ilok utawa aja mangan sangga ajang kang basa krama inggile yaiku ampun dhahar kalihan sangga ajang.
Percaya entuk, maido utawa ora percaya uga oleh. Bakune unen – unen utawa pitutur iki ngemutake amarga ora becik. Isine pitutur nganggo sandi (sinandi) iki lumrahe nganggo tembung ora ilok kang nduweni teges satemene ora becik.
Jadi perilaku makan dengan menyangga piring dalam khalayak masyarakat suku Jawa adalah perilaku yang sebaiknya anda tinggalkan.
Tegese nyangga yaiku nyuwak (madal, nduwa) saka ingisor yang artinya adalah mengangkat dari bawah sebagai penyangga.
Jadi letaknya piring ada pada tangan orang yang sedang makan. Itulah maksud dari nyangga ajang.
Ajang yaiku wewadhahing sega kang dipangan (piring, mangkok, lan sakpiturute). Ajang adalah wadah tempat nasi atau makanan lain yang dimakan, bisa berupa piring, mangkuk dan lain sebagainya.
Wewaler Gugon Tuhon Aja Mangan Sangga Ajang karepe lan tegese
Ana ing ngisor iki kang ngemu teges ukara kacethak kandel yaiku aja mangan nyangga utawa sangga ajang yaiku;
A. Menawi dhahar disangga gampil wutah, mila langkung becik ajangipun ing meja kemawon.
B. Yen dhahar disangga punika raosipun benten dados langkung skeca.
C. Yen dhahar disangga punika langkung gampil menawi bade mundhut malih.
D. Manawi dhahar disangga gampang wutah, mila langkung becik ajangipun disangga dados yen wutah saget mendhet malih.
E. Menawi dhahar disangga boten gampil wutah, mila langkung becik ajangaipun disangga kemawon supados cepet anggenipun mendhet.
Menawa nganggo basa Jawa Ngoko, pilihane teges wewaler ing ndhuwur yaiku;
A. Menawa maem disangga gampang wutah, mangkane luwih becik ajange (piringe) ana ing meja wae.
B. Menawa maem disangga iku rasane bedha dadine luwih kepenak.
C. Menawa mangan disangga iku luwih gampang menawa arep njupuk maneh (imbuh).
D. Menwa mangan disangga gampang wutah, mangkane luwih apik ajange utawa piringe disangga dadine menawa wutah bisa dijupuk maneh.
E. Menawa mangn disangga ora gampang wutah, mangkane luwih becik ajange utawa piringe disangga wae supaya cepet anggone njupuk.
Maka jawaban yang benar adalah a, tegese utawa karepe aja mangan sangga ajang yaiku menawa mangan disangga gampang wutah, mangkane luwih becik ajange ana ing meja wae, basa kramane yaiku Menawi dhahar disangga gampil wutah, mila langkung becik ajangipun ing meja kemawon.
Demikianlah informasi tentang yen mangan aja nyangga ajang karepe yaiku menawa disangga gampang wutah, mangkane luwih becik ajang iku mau ana meja wae. Maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.