Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! Ngangsu kawruh. Jawablah pertanyaan-pertanyaan dibawah ini dengan tepat.
- Kangmasku saiki lagi ngangsu kawruh ing kutha Yogyakarta.
Tegese ngangsu kawruh yaiku golek ngelmu.
Artinya. Kakakku laki-laki sekarang sedang menimba ilmu di Kota Yogyakarta.
Arti menimba ilmu adalah belajar, mencari ilmu, menuntut ilmu.
- Penggaweyan manawa ora ditindakake kanthi tumemen apa maneh yen kakehan tangan malah dadi ora karuan.
Tegese tembung kakehan tangan yaiku . kakehan sing nyandhak utawa tandang gawe.
Artinya : Pekerjaan apabila tidak dikerjakan dengan sungguh-sungguh apalagi kebanyakan tangan malah menjadi tidak karuan.
Arti kata kebanyakan tangan adalah kebanyakan yang mendekat atau kebanyakan yang mengerjakannya.
- Aja seneng metani lupute liyan amarga kuwi tumindak kang ora becik.
Tegese tembung metani luput yaiku nggoleki kaluputan.
Artinya : janganlah senang mencari-cari kesalahan orang lain karena itu adalah tindakan yang tidak baik.
Arti kata mencari salah adalah mencari-cari kesalahan.
Metani adalah bahasa Jawa berasal dari kata petan yang artinya mencari kutu di kepala.
- Kabeh kudu meres pikir supaya prakara iki bisa wudhar.
Tegese tembung meres pikir yaiku temenan anggone mikir.
Artinya : Semua harus memeras pikiran agar perkara ini bisa terurai.
Arti kata memeras pikiran adalah bersungguh-sungguh dalam memikirkan atau berpikir.
Tegese ngangsu kawruh, kakehan tangan, metani luput, meres pikir Gawea tuladha ukara
Ukara ngangsu kawruh, kakehan tangan, metani luput, meres pikir kalebu jenise tembung entar Basa Jawa.
Gawea ukara nganggo tembung entar ing ngisor iki lan apa tegese!
Tegese ngangsu kawruh yaiku ngudi ngelmu, golek ilmu, sinau lan sakpiturute.
Tuladha ukara : Ria Puspitasari lunga menyang kutha Karangpandan kanggo ngangsu kawruh babagan kirim surat.
Arti ngangsu kawruh adalah menuntut ilmu.
Tegese kakehan tangan yaiku Kakehan sing nyandhak utawa tandhang gawe.
Tuladha ukara : Perkara iki ora rampung-rampung amarga kakehan tangan sing cawe-cawe.
Arti kakehan tangan adalah kebanyakan tangan yang maknanya yaitu banyak orang yang mengerjakan atau menangani.
Tegese metani lupute liyan yaiku nggoleki lupute wong liya.
Tuladha ukara : Agustinus akeh musuhe amarga senengane metani lupute liyan.
arti metani lupute liyan adalah mencari-cari kesalahan orang lain. metani secara harfiah artinya yaitu mencari kutu yang ada di kepala.
Meres pikir tegese yaiku temenan anggone mikir.
Tuladha ukara : Bocah-bocah kelas sanga lagi padha meres pikir nggarap ujian sekolah supaya lulus.
Meres pikir artinya adalah memeras pikiran.
Demikianlah sekedar informasi tentang tuladha ukara tembung entar lan tegese beserta sedikit artinya untuk memudahkan memahami.
Maturnuwun sudah mampir, salam kenal dan wassalamu’alaikum.
