Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10 (sepuluh). Coba sebutna apa wae lan wenehana contone tuladhane. Jenis-jenis kata dalam Bahasa Jawa dibagi menjadi 10 (sepuluh). Coba sebutkan apa saja dan berikanlah contohnya.
pontren.com – assalaamu’alaikum, kali ini kita akan membahas jenise tembung basa jawa kang perangane ana 10. Yaitu jenisnya kata dalam Bahasa yang berjumlah sepuluh. Apa wae? Berikut jinis-jinise.
- Tembung Aran (Kata Benda)
- Tembung Kriya (Kata Kerja)
- Tembung Kahanan (Kata Sifat)
- Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
- Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
- Tembung Sesulih (Kata Ganti)
- Tembung Ancer-Ancer (Kata Depan)
- Tembung Panggandheng (Kata Sambung)
- Tembung Panyilah (Kata Sandang)
- Tembung Panguwuh (Kata Seru)
Pengertene Tembung aran yaiku tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang. Kata benda yaitu kata yang menerangkan semua namanya barang ataupun yang dianggap barang.
Tembung aran diperang dadi loro, yaiku sing kasat mata lan ora kasat mata.
Contoh Tembung aran sing kasat mata Tuladha: segara, sapi, bis, masjid, sawah, lampu, tas,
klambi, lan sapanunggalane.
Tembung aran sing ora kasat mata Tuladha: pemandhangan, semangat, pariwisata, lan
sapanunggalane
pangertene Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake pagawean. Kata kerja yaitu kata yang menerangkan pekerjaan atau perbuatan.
Tuladha tembung kriya contone yaiku : nulis, mangan, dodol, sinau, menek, nyenggol, nyunggi, nyolong, ngambung, nggambarake, nerangake, lan sapanunggalane.
Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, lan kahanane samubarang. Kata sifat adalah kata yang menjelaskan watak, sifat, dan keadaannya sesuatu hal.
Tuladha tembung kahanan contone yaiku : nesu, adoh, cedhak, ayu, adhem, mlarat, rekasa, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane.
Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan. Kata keterangan adalah kata yang menerangkan kata benda, kata kerja dan kata sifat.
Tuladha: tembung katrangan contone yaiku ; saiki, sesuk, awan, bengi, minggu ngarep, lan sapanunggalane.
Pangertene Tembung wilangan yaiku tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan. Kata bilangan adalah kata yang menerangkan jumlah barang dan perpangkatan.
Contoh Tuladha tembung wilangan : papat, lima, enem, sepuluh, selawe, seket, satus, sewu, sasendhok, sethithik, akeh, kabeh, pirang-pirang, separo, seprapat, sakjam, ka-2, lan sapanunggalane.
Tembung sesulih yaiku tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang. Kata ganti yaitu kata yang menjadi pengganti atau gantinya orang, hewan, barang atau yang dianggap barang.
Tuladha: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane.
Tegese Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan. Kata depan adalah kata yang dipakai untuk menyambung kata benda dengan tempat.
Tuladha: ing, saka, menyang, lan sapanunggalane.
Tegese Tembung panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih. Kata sambung yaitu kata yang dipergunakan untuk menyambung gagasan dua atau lebih.
Tuladha: nalika, karo, lan, banjur, mula, yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane.
Tegese Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah. Kata sandang yaitu kata yang dipergunakan memberi sandang pada kata yang sudah jelas.
Contone lan Tuladha tembung panyilah yaiku : sang, si, para, lan sapanunggalane.
Tegese Tembung panguwuh yaiku tembung sing nerangake rasa pangrasa. Kata seru adalah kata yang menerangkan rasa yang merasakan.
Tuladha tembung panguwuh kayata : ah!, adhuh!, oh!, hore!, ya ampun…!, lho!, haa!, lan
sapanunggalane.
Demikianlah informasi tentang 10 Jinise Tembung Basa Jawa Contoh Tuladha, Pangertene lengkap dengan arti dan terjemahnya kedalam Bahasa Indonesia pada buku kirtya Basa klas 7 atau kelas 1 SMP dan Madrasah Tsanawiyah.
Terima kasih sudah mampir, salam kenal dan wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu.