Jeneng Liyane Puntadewa Werkudara Janaka Nakula Sadewa (pandawa lima) lan andharna apa tegese dalam Bahasa Jawa.
pontren.com – dalam Bahasa Jawa kita mengenal istilah jeneng liyane yang artinya adalah nama lain.
Istilah jeneng liyane dalam bahasa Jawa yaitu dasa nama. Pada Bahasa Indonesia kita mengenal kata sinonim.
Yaitu kata-kata yang memiliki arti atau makna yang mirip atau bahkan sama.
Jadi kali ini kita akan membahas dan menyebutkan nama lain Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula dan Sadewa dalam Basa Jawa.
Jeneng Liyane Puntadewa
Sebutna lan andharna Jeneng liya saka Yudhistira yaiku Puntadewa!
Jeneng liyane Yudhistira utawa Punthadewa yaiku Yudhistira, Dwijakangka, Darmaputra, Darmakusuma, Darmaraja, Darmawangsa, Gunatalikrama, Sang Ajatasatru, Tandha Wijangkangka, Samiaji.
Raden Punta Dewa pembayuning pandawa. Apa tegese? Tegese yaiku pambarepe Pandawa utawa anak sing mbarep (anak nomer siji utawa sing paling tuwa).
Prabu Puntadewa iku kondhang titah ludira Seta tegese tembung ludira Seta yaitu getih putih.
apa sebabe Puntadewa di sebut titah ludira seta? Amarga Puntadewa duwe bebudhen kang luhur lan banget becike uga ratau ngapusi.
Jeneng Liyane Werkudara
Sapa wae jeneng liyane Werkudara iku? Jeneng Liya Werkudara yaiku ; Bratasena, Bimasena, Birawa, Jagal Abilawa (Ballawa), Jayalaga, Kusumayuda, Bayuputra, Dandun Wacana, Bondan Peksajandu.
Raden werkudara iku pandhawa kang nomer loro lan kasatriyane ana ing Jodhipati.
Amarga dadi anak nomer loro saengga kasebut dadi panggulene pandhawa.
Amarga dadi anak kang nomer loro, Putra panggulune pandhawa yaiku Bimasena utawa Werkudara.
Jeneng Liyane Janaka utawa Raden Arjuna
Sapa jenenge liya Raden Janaka utawa Raden Arjuna?
Jeneng liya Janaka yaiku Dananjaya Indratanaya, Margana, Palguna, Pandhuputra, Parta, Premadi (Permadi), Kumbangali-ali, Pamadi, Jahnawi, Wibatsuh.
kasatriyane janaka yaiku ing Madukara.
Ana ing crita wayang, pandhawa sing seneng golek ilmu meguru yaiku Raden Janaka utawa Raden Arjuna.
Dadine para putra Pandhawa iku Pandhawa iku seneng meguru kanggo golek ngudi kawruh.
Menawa Kurawa anggone meguru ora temen ora tau nindakake dhawuhe gurune.
Jeneng Liyane Nakula
Jeneng liya Nakula yaiku Pinten, Tripala, Damagrontika.
Kasatriyane Raden Nakula yaiku ana ing Gumbiratalun utawa Bumi Retawu.
Asmane ibune nakula yaiku Dewi Madrim, lan asmane ramane yaiku Prabu Pandhu Dewananta.
Jeneng Liyane Sadewa
Jeneng liya Sadewa yaiku Tangsen, Darmagranti. Dadine sadewa duwe dasanama yaiku Darmagati lan Tangsen.
Sapa jeneng cilike Sadewa? Jenenge cilik Raden Sadewa yaiku Tangsen.
Ana ing ngendi kasatriyane Sadewa? Raden Sadewa satriya ing Sawojajar.
Demikianlah jeneng Liyane Pandhawa Prabu Puntadewa, Raden Werkudara, Raden Arjuna, Raden Nakula lan Sadewa dalam Bahasa Jawa.
Semoga dapat menambah informasi tentang nama lain tokoh pandawa lima dalam Basa Jawa. Maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.