Cengkorongan Sesorah Tuladha cengkorongan Pidhato Basa Jawa, sebutna lan andharna uga gawea tuladha cengkorongane sesorah pidhato nganggo Basa Jawa.
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, Saben perangan saka struktur teks pidhato dumadi saka pirang-pirang bagean sing diarani cengkorongan teks pidhato utawa kerangka teks pidhato.
Kepriye carane supaya bisa gawe cengkorongan sesorah kanthi becik lan bener?
Supaya luwih cetha apa wae cengkorongane teks pidhato bisa kawawas ing andharan ngisor iki.
Cengkorongan Sesorah
- PAMBUKA
a. Salam Pambuka
b. Atur panyapa (Pakurmatan)
c. Pepujen
d. Mbabar diri
e. Nyuwun Palilah
f. Mbeber Pikajengan (Tema/Topik Pidhato) - ISI (WOS)
a. Apa / Punapa?
b. Sapa / Sinten?
c. Kapan / Benjing menapa?
d. Ing ngendi / Wonten Pundi?
e. Geneya / Kenging punapa?
f. Kepriye / Kadospundi? - PANUTUP
a. Dudutan
b. Nyuwun Pangapunten
c. Atur Panuwun
d. Atur Pepujen / Sesanti
e. Atur Salam Panutup
Tuladha cengkorongan sesorah kanthi tema Pendidikan
Berikut ini adalah Tuladha cengkorongan sesorah (Contoh cengkorongan pidhato Basa Jawa) kanthi tema Pendidikan.
Purwaka Basa | Atur salam Pambuka | Nuwun, sugeng enjing (manut kahanan) |
Atur pepujen | Atur pamuji marang Gusti Allah SWT | |
Atur panyapa | Sing rawuh Kepala sekolah, guru lan staff, kanca sa-sekolahan (utawa liyane) | |
Mbabar diri | Kepareng kula ngadek wonten ngarsa panjenengan sami | |
Nyuwun palilah Mbeber pikajengan / dilarasake topik | Wonten ing wekdal menika, kula ajenge medharaken ngengingi narkoba …. | |
Surasa Basa | 1 | Narkoba kuwi apa |
2 | Sapa wae sing ngonsumsi narkoba | |
3 | adhedhasar panaliten | |
4 | Kepriye akibate wong sing ngonsumsi narkoba | |
5 lsp | Ing endi wae lan kapan wong bisa kena narkoba | |
Geneya wong bisa kena narkoba | ||
Kepriye carane amrih bisa ngendhani | ||
utawa ngedohi narkoba mligine | ||
kanggo para siswa | ||
Wasana Basa | Dudutan | Narkoba kudu didohi amarga akeh rugine tinimbang gunane |
Nyuwun pangapura | Pangapura yen ana tetembungan lan solah bawa sing kurang kepenak marang para rawuh | |
Atur panuwun | Matur nuwun para tamu wis kersa mirengake sarta panuwun wis diwenehi wektu kanggo sesorah | |
Atur salam panutup | Salam, nuwun |
Demikianlah tuladha cengkorongan sesorah basa Jawa (pidhato / pidato Bahasa Jawa) lengkap dengan contoh dengan tema pendidikan untuk menjauhi narkoba. Maturunuwun sudah mampir, salam kenal dan wassalamu’alaikum.