Struktur Sesorah lan Ancase Sesorah Basa Jawa

Struktur Sesorah lan Ancase Sesorah Basa Jawa

Struktur Sesorah Basa Jawa lan Ancase Pidhato lengkap dengan arti dan terjemahnya kedalam Bahasa Indonesia.

Dasanamane sesorah yaiku pidhato. Dalam Bahasa Jawa sesorah adalah kata sinonim atau persamaan kata dari pidato.

Menawa ancase saka tembung ancas kang ateges tujuan. Adapun ancase berasal dari kata ancas yang artinya dalam bahasa Indonesia yaitu tujuan, maksud, kehendak dan lain sebagainya.

Sehingga arti ancase adalah tujuannya, atau maksudnya. Yang dalam hal ini arti ancase sesorah artinya yaitu tujuannya pidato.

Struktur Sesorah

pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullaahi wa barakatuhu, sebutna struktur teks pidato/tangap wacana /sesorah!

Strukture sesorah utawa pidhato Basa Jawa yaiku;

  1. SALAM PAMBUKA
  2. PANYAPA
  3. PURWAKA (Pambuka)
  4. SURASA BASA (ISI)
  5. WIGATINE / DUDUTAN (KESIMPULAN)
  6. PANGAREP-AREP (HARAPAN)
  7. WUSANA (PANUTUP)

Struktur sesorah atau pidato Bahasa Jawa adalah

  • Salam pembuka;
  • Sapaan atau Kalimat menyapa
  • Pembukaan
  • Isi pidato
  • Hal-hal pentimh atau kesimpulan
  • Harapan
  • Penutup

SALAM PAMBUKA

Salam pambuka yaiku salam pakurmatan kang sepisanan marang para tamu (Assalamualaikum, sugeng enjing para rawuh, lan sak piturute).

Salam pembuka adalah salam penghormatan yang pertama kepada para tamu hadirin, misalnya assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, selamat pagi, selamat siang, dan lain sebagainya.

PANYAPA

Panyapa yaiku nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara kasebut kanggo paring pakurmatan. Tuladha, Ingkang tansah kita hormati sesarengan para Kiai Ulama ugi para satriyaning nagari.

Tuladha panyapa liyane misale : Ingkang kinurmatan… , ingkang kula urmati …, saha …ingkang kula tresnani.

Sapaan atau menyapa adalah menyebut siapa saja yang hadir (biasanya tokoh atau pejabat) dalam kegiatan untuk memberikan penghormatan. Contohnya adalah, yang senantiasa kita hormati, para kiai, ulama ataupun pejabat negara.

Contoh penyapa dalam pidato basa Jawa misalnya : yang terhormat …. , yang saya hormati, dan … yang saya cintai.

PURWAKA

Purwaka ing sesorah yaiku Pambuka, tegese atur pamuji sukur marang Gusti Allah lan atur panuwun
marang para tamu kang rawuh.

Tuladha Purwaka sesorah : Puji syukur tansah katur dhumateng Gusti ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Tembung Purwaka artinya adalah pembuka, yaitu ucapan pujian kepada Allah SWT dan menyampaikan terima kasih kepada para tamu hadirin yang datang.

Contoh pembukaan pidato berbahasa Jawa : Puji syukur senantiasa kepada Allah SWT yang sudah memberikan anugerah kepada kita semua, sehingga pada saat ini bisa berkumpul bersama dengan sehat tanpa ada halangan.

SURASA BASA (ISI)

Surasa Basa ing sesorah yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh / tamu.

Arti surasa Basa adalah isi pidato, maksudnya adalah semua hal yang diterangkan kepada para hadirin atau tamu.

WIGATINE / DUDUTAN

Wigatine sesorah yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.

Artinya wigatine adalah hal-hal yang penting, maksudnya adalah ringkasan pidato, yaitu ringkasan yang penting atau inti dari yang diterangkan dalam sesorah.

PANGAREP-AREP

Pangarep – arep sesorah yaiku pangajab sing kaandharake marang para rawuh utawa tamu.

Dalam bahasa Jawa tegese pangarep-arep yaiku pangajab, yang artinya adalah harapan. Maksud harapan dalam pidato bahasa jawa adalah harapan yang diterangkan kepada para tamu ataupun hadirin yang datang.

WUSANA

Wusana sesorah yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura manawa ana
kekurangan utawa kaluputan (kesalahan).

Tuladha ukara wusana sesorah Basa Jawa : Wasana namung samanten atur kula, mbok bilih wonten lepating atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksama. Nuwun.

Tegese wusana yaiku panutup, artinya wusana adalah akhirnya atau bagaian akhir, maksudnya wusana dalam pidato bahasa jawa yaitu ucapan terima kasih dan memohon maaf apabila ada kekurangan atau kesalahan.

Contoh kalimat penutup dalam sesorah misalnya : Pada akhirnya hanya segini ucapan saya, jika ada kesalahan ucapan, saya senantiasa mohon samudra maaf, terima kasih.

SALAM PANUTUP

Salam panutup yaiku Salam kang pungkasan marang para rawuh / tamu.

Tuladha salam panutup basa Jawa ing sesorah tuladhane : Wassalamualaikum wr.wb/ sugeng enjing/ sugeng siyang/ sugeng sonten/ sugeng dalu.

Kata salam penutup adalah salam yang paling akhir kepada para hadirin atau tamu.

Contoh salam penutup dalam pidato bahasa Jawa ; Wassalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, selamat pagi, selamat siang, selamat sore, selamat malam dan lain sebagainya.

Ancase Sesorah

ancase sesorah

Sebutna lan terangna apa wae ancase sesorah lan andharna!

Ancase sesorah ana 4 (papat) yaiku;

  • Atur pambagyaharja;
  • Atur Pawarta utawa informasi;
  • Atur panglipur; lan
  • Atur Pangajak

Atur Pambagyaharja

Atur pambagyaharja yaiku sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu wonten ing acara punapa kemawon.

Surasane pambagyaharja;

  • Mbagekake tamu;
  • Atur panuwun
  • Ngandarake ancase adicara.

Atur pambagyaharja adalah pidato untuk menerima kedatangan para tamu dalam acara apapun.

Ungkapan atau kalimat dalam kata sambutan pambagyaharja adalah;

  • Menerima kehadiran tamu;
  • Ucapan terima kasih;
  • Menerangkan tujuan acara.

Atur Pawarta

Atur pawarta ing sesorah yaiku sesorah kang aweh palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhumateng pamiarsa, pramila bab ingkang kawedharaken kedah gamblang.

Atur pawarta dalam pidato Bahasa Jawa yaitu pidato yang memberikan laporan atau menceritakan salah satu bab kepada pendengar,s ehingga bab yang diterangkan harus jelas.

Atur Panglipur

Sesorah atur panglipur yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang sutresna kamng nembe nandhang sungkawa.

Tuladhane sesorah lelayu, sesorah ing ngarepe kadang kang nandhang pacobaning urip.

Pidato memberikan hiburan adalah pidato yang menyampaikan penghibur atau membesarkan hati saudara yang sedang mengalami kesusahan.

Contoh pidato kematian, pidato didepan orang yang sedang mendapatkan cobaan hidup.

Atur Pangajak

Atur pangajak yaiku sesorah kang ancase supayane sing mirengake percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake ana ing sesorah.

Atur pangajak adalah pidato yang tujuannya agar pendengar percaya kemudian tertarik hatinya dan mau melakukan apa yang disampaikan dalam pidato.

Demikianlah ancase sesorah Basa Jawa lan struktur pidhato, maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.

Tentang

salam blogger

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*