Golekana Kepriye Bebasane

Golekana Kepriye Bebasane

Geladhen 3, unen – unen ing ngisor iki golekana kepriye bebasane kanthi cara milih sawiji saka wangsulan kang wis cumawis ana ing ngisore. Ungkapan ini carilah bagaimana bebasannya dengan cara memilih salah satu jawaban yang sudah disediakan dibawahnya.

Pilih kasih boten adil parengkuhanipun antawisipun setunggal kaliyan setunggalipun. Wangsulan emban cindhe emban siladan
Artinya : Pilih kasih tidak adil dalam memperlakukan antara satu dengan satunya. (menggendong dengan kain sutra dan menggendong dengan tali dari bambu yang tajam).

Mboten adil lan benten pangrengkuhipun dhateng setunggal-setunggalipun. Wangsulan. Emban cindhe emban siladan.
Artinya : Tidak adil dan berbeda memperlakukan kepada satu dengan yang lainnya. (menggendong dengan kain sutra dan menggendong dengan tali dari bambu yang tajam).

Tiyang ingkang dipunanggep lare alit ingkang dereng mangertos menapa-menapa. Wangsulan : Durung ilang pupuk lempuyange.
Artinya : orang yang dianggap anak kecil yang belum mengerti apa-apa. (belum hilang polesan untuk bayinya).

Mbujeng samukawis ingkang sepele, nanging malah kecalan samukawis langkung ageng. Wangsulan : mburu uceng kelangan deleg.
Mengejar hal yang remeh namun malah kehilangan hal yang lebih besar (mengejar ikan uceng kehilangan ikan gabus).

Njagakaken barang ingkang dereng mesti wontenipun. Wangsulan : Njagakake endhoge si blorok.
Mengharapkan barang yang belum tentu adanya (mengharapkan telurnya ayam blorok).

Mboten maringi bandha lan mboten maringi pratikel punapa-punapa amrih saenipun. Wangsulan : ora uwur ora sembur.
Tidak memberi harta dan tidak memberikan solusi taktik apapun agar bagaimana baiknya (tidak uwur dan tidak menyembur).

Tiyang ingkang mboten saged nyimpen wewadi. Wangsulan anggenthong umos
Orang yang tidak bisa menyimpan rahasia (seperti gentong yang ada jalan air untuk merembes keluar).

Unen unen ing ngisor iki, golekana kepriye bebasane kanthi cara milih sawiji saka wangsulan kang wis cumawis ana ing ngisore!

Tumut rekaosipun, nanging boten tumut ngraosaken sekecanipun. Wangsulan : gupak pulute ora mangan nangkane.
Ikut susahnya namun tidak ikut merasakan enaknya (kena getahnya tidak memakan buah nangkanya).

Tiyang ingkang uwal saking bebaya. Wangsulan : mrojol selaning garu
Orang yang lolos dari marabahaya (menyelinap diantara garu).

Tiyang ingkang angsal kabegjan ingkang ageng. Wangsulan Kebanjiran segara madu.
Orang yang mendapatkan keberuntungan yang besar (kebanjiran lautan madu).

Materi VIII/ Semester 1 Bahasa Jawa bebasan.

Ungkapan dibawah ini, carilah bagaimana bebasannya dengan cara memilih salah satu dari jawaban yang tersedia dibawahnya.

Padudon namung amargi perkawis ingkang sepele. Wangsulan Rebut balung tanpa isi.
Pertikaian hanya karena perkara yang sepele (berebut tulang tanpa ada isinya).

Nindakake padamelan ingkang tangeh saged rampungipun. Wangsulan … nah yang ini belum ketemu jawabannya.
Mengerjakan pekerjaan yang mustahil bisa selesai (

Sesrawungan kaliyan tiyang awon mesthi badhe ketularan awon. Wangsulan : cedhak kebo gupak, cedhak celeng boloten, cedhak kirik gudhigen.
Berkumpul dengan orang jahat pasti akan ketularan buruk. Jawabannnya dekat kerbau kotor, dekat babi hutan berdaki, dekat anak anjing sakit gatal-gatal bernanah.

Kantun manggih sekecanipun tanpa ngrekaos, amargi sampun sarwa cumawis sedaya. Wangsulan nglungguhi klasa gumilar.
Tinggal menemukan enaknya tanpa harus bersusah payah karena serba tersedia semuanya (menduduki tikar yang tergelar).

Nindakaken pandamel ingkang awon, sarana utusan dhateng tiyang sanes : Wangsulan nabok nyilih tangan.
Mengerjakan pekerjaan yang kotor, dengan cara mengutus kepada orang lain (memukul dengan meminjam tangan).

Gadhah niat ingkang awon, lajeng angsal margi kangge tumindak awon. Wangsulan bubuk oleh leng, ati bencong oleh oncong
Memiliki niat buruk, kemudian mendapatkan jalan untuk berbuat jahat (rayap mendapatkan lobang, hati bengkok mendapatkan perangkap burung).

Njabel kesagahan ingkang sampun nate dipunaturaken. Wangsulan idu didilat maneh.
Mencabut kesaguhan yang sudah pernah disampaikan (ludah dijilat lagi).

Tentang

salam blogger

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*