Sing Ngudhup Turi Kaya Madu Pinastika Ngulan-ulan iku

Sing ngudhup turi kaya madu pinastika Ngulan-ulan iku
perangane awak Sing cinandra ngudhup turi kaya madu pinastika Ngulan-ulan iku

Kunci jawaban candrane atau perangane awak cinandra Sing ngudhup turi kaya madu pinastika Ngulan-ulan mblarak sempal ndamar kanginan merak ati bunder lir jinangka andhap asor sumeh mukang gangsir iku bahasa Jawa.

pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu. Berikut ini adalah contoh soal Bahasa Jawa tentang tembung panyandra dan jawabannya model menjodohkan lajur kiri dengan kanan atau soal pada bagian atas dan Jawabannya ada dibawah.

Jodhokna pranyatan ing sisih kiwa karo tengen ngisor lan ndhuwur tembung panyandra perangane awak (Pratelan/ Pernyataan karo Wangsulan / Jawaban) kang cocog!

  1. Sing ngudhup turi iku …
  2. Sing kaya madu pinastika iku …
  3. Sing ngulan – ngulan iku …
  4. Sing mblarak sempal iku …
  5. Sing ndamar kanginan iku …
  6. Sing merak ati iku …
  7. Sing bunder lir janangka iku …
  8. Sing andhap ashor iku …
  9. Sing sumeh iku …
  10. Sing mukang gangsir iku…

Ini pilihannya jawabannya:
Pilihan Jawabane ana ing ngisor iki.

  • Watake
  • Polahe
  • Mripate
  • Ulate
  • Tungkake
  • Gulune
  • Athi – athine
  • Eseme
  • Wentise
  • Lembehane

Kunci Jawaban Sing ngudhup turi kaya madu pinastika Ngulan-ulan iku

Sing ngudhup turi iku athi-athine
Sing kaya madu pinastika iku eseme
Sing ngulan – ngulan iku gulune
Sing mblarak sempal iku lembehane
Sing ndamar kanginan iku mripate

Sing merak ati iku polahe utawa solahe
Sing bunder lir janangka iku tungkake
Sing andhap ashor iku watake
Sing sumeh iku ulate
Sing mukang gangsir iku wentise

Penjelasan Jawaban Sing Cinandra ngudhup turi kaya madu pinastika Ngulan-ulan iku

Ngudhup turi tegese yaiku kaya udhupe kembang turi sing melengkung kadya huruf “J”. Apane kang ngudhup turi? Yaiku athi-athine utawa godhege.

Apa iku athi-athi?
Godheg utawa athi-athi yaiku rambut ing pilingan. Candrane rambut ing pilingan sing becik yaiku ngudhup turi, yaiku bentuke melengkung kaya huruf “J”.

Madu pinastika tegese yaiku madu kang pinunjul utawa nduweni kuwalitas kang banget becike. Tegese pinasthika yaiku pinunjul, top markotop. Apa kang kaya madu pinasthika? Yaiku eseme, tegese yaiku eseme manis banget.

Arti madu pinastika adalah madu yang kualitasnya sangat tinggi dan baik, maknanya yaitu sangat manis sekali yang dalam hal ini maksudnya yang sangat manis adalah senyumannya.

Ngulan-ulan tegese yaiku kaya ula ulan-ulan. Bagaikan ular yang berjenis ulan-ulan. Yaitu sejenis ular yang memakan tumbuhan turi. Dalam hal ini sing cinandra ngulan – ulan yaiku gulune.

Sehingga, gambaran wanita cantik adalah perempuan yang memiliki leher yang panjang.

Sing Cinandra mblarak sempal, ndamar kanginan, sing merak, bunder lir janangka iku

panyandra lembehane mblarak sempal

Mblarak sempal tegese yaiku kaya blarak (godhong klapa) kang tugel. Apa iku kang cinandra mblarak sempal? Yaiku lembehane.

Lembehane tegese yaiku lembehan tegese pangayunane tangan nalika mlaku. Arti lembehan dalam bahasa Jawa adalah gerakan ayunan tangan saat berjalan.

Jadi gerakan ayunan tangan yang indah saat berjalan dalam bahasa Jawa tembung panyandrane yaiku mblarak sempal.

Tegese ndamar kanginan yaiku kaya lampu lenga kang kena angin, mobat mabit mrana mrene. Arti dari ndamar kanginan adalah seperti lampu minyak yang kena angin, bergerak kesana kemari?

Apane sing cinandra ndamar kanginan? Sing cinandra ndamar kanginan yaiku mripate utawa matane (netrane).

Mata yang indah, salah satu dalam khazanah bahasa Jawa yaitu bagaikan api pada lampu minyak yang kena angin, yaitu bergerak kesana kemari.

Merak ati tegese yaiku nyenengake, bungah, nengsemake.

bunder lir janangka tegese yaiku bunder banget kaya bunderan kang digawe nganggo piranti jangka. Artinya bunder adalah bulat, lir jinangka artinya yaitu yang dijangka. Maksudnya dijangka yaitu (bundaran) yang dibuat dengan menggunakan alat jangka (sehingga sangat presisi ukuran bulatannya).

Apa Sing cinandra bunder lir janangka? Perangane awak kang cinandra bunder lir jinangka yaiku tungkak.

Tungkak yaiku péranganing dlamakan sikil sing buri. Tungkak adalah bagian belkang telapak kaki (dalam bahasa Indonesia disebut tumit).

Sing andhap ashor, sumeh iku ulate, mukang gangsir iku

andhap ashor iku tegese yaiku tumindak kang ngajeni, ora jumawa, ora sombong, lembah manah, yang artinya adalah rendah hati.

Apane kang andhap asor? Kang andhap asor yaiku watake (yang rendah hati adalah watak perilakunya).

Sumeh tegese yaiku manis semu ngguyu. Arti sumeh adalah wajah berseri-seri dan tampak ada sedikit senyuman. Apane sing sumeh? Yaiku polatane.

Tembung polatane (polatan) tegese yaiku praen, wujuding rai. Dalam bahasa Jawa, polatan artinya adalah raut wajah atau mimik wajah.

Mukang gangsir tegese yaiku (bentuke) kaya sikile (kewan sing arane) gangsir. Bentuke dawa cilik ing ngisor lan sansaya gedhe ana ing baghean ndhuwur.

Apane sing cinandra mukang gangsir? Perangane awak sing cinandra mukang gangsir yaiku wentise.

Dalam Bahasa Jawa wentis = pupu atau paha.

Jika anda menyimak cerita perang bharatayudha, kelemahan Duryudana ada pada bagian pahanya.

Pada saat itu Prabu Kresna menepuk nepuk pahanya (wentise) sebagai tanda atau sasmita kepada Werkudara bagian mana yang dia pukul dengan gada agar Prabu Duryudana kalah.

Jadi pengapesane Duryudana ana ing wentise (pahanya). Kalau ada yang mengira arti wentis = betis maka ada kesalahan pemahaman dalam memaknai arti kata wentis.

Demikianlah informasi tentang perangane awak sing cinandra mblarak sempal, ndamar kanginan, sing merak, bunder lir janangka yaiku … Maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.

Tinggalkan Balasan

Mumtaz Hanif

Murid Kelas 6 Madrasah Ibtidaiyah Negeri