Kepriye Carane Dadi Pranatacara Kang Becik

pranatacara kang becik

Miturut panemumu kepriye carane lan supayane bisa dadi juru pranata kang becik, andharna lan jlentrehna apa wae syarate!

pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu. Berikut ini adalah bagaimana caranya menjadi pratanacara (pembawa acara dalam bahasa Jawa) yang baik dan syarat-syaratnya.

Carane Dadi Pranatacara Kang Becik

Ana ing buku pelajaran sekolah kelas 11 SMP / MTs ana andharan bab pranatacara utawa MC alias pembawa acara.

Menawa syarate lan carane bisa dadi juru pranatacara kang becik kudu nguwasani bab – bab ing ngisor iki yaiku;

  • Olah Swara
  • Olah Busana
  • Olah Subasita lan Olah Bawa
  • Olah Basa lan Sastra
  • Olah kawruh nag linuwih

Terangna lan andharna uga jlentrehne apa karepe saka olah Swara, olah Busana, olah Subasita lan olah Bawa, olah Basa lan sastra, olah kawruh nag linuwih kang becik menawa dadi juru pranatacara!

Olah Swara (penataan kata kalimat pengucapan)

Karepe olah swara ana ing pranatacara yaiku juru pranatacara kudu bisa mangerteni lan mraktekake kepriye carane ngucapake bisa jelas lan cetha (lafal), ngerteni kapan kudu lirih utawa seru (vokal, lan trep wirama wedharing ukara (intonasi), uga mumpuni mapanake swara abot, entheng endhek lan duwur supaya trep karo kahahan (modulasi), lan mathuk karo wiramane gendhing (menawa kairing swara gendhing).

Kajaba kang ana ing ndhuwur, pangolahane swara iku mau kudu katon apa anane ora katon yen digawe-gawe.

Maksud dari olah swara dalam pranatacara adalah juru acara atau pembawa acara (pranatacara dalam Bahasa Jawa) harus bisa mengerti teori dan dapa mempraktekkan bagaimana cara pengucapan yang jelas (pelafalan), mengetahui kapan harus rendah dan tinggi suara (vokal), serta pas dalam naik turun suara (intonasi), juga jago dalam menempatkan suara berat, ringan, tinggi dan rendah agar sesuai dengan keadaan (modulasi), dan cocok dengan iramanya gending (jika diiringi dengan suara gending lagu jawa).

Selain itu, pengolahan suara harus tampak apa adanya, tidak tampak seperti dibuat-buat.

Olah Busana (pemilihan pakaian/busana)

Ana unen-unen sing unine ajining raga gumantung busana.

Bab panganggone busana iki uga kudu digladhi.

Tegese yaiku cara milih busana lan manganggo klambi kudu pantes lan jumbuh karo kepreluane.

Tegese yaiku busana kang pas karo acara lan sopan lan pantes uga trep minangka pranatacara.

Dalam ungkapan bahasa Jawa menyebutkan bahwa

berharganya raga bergantung kepada pakaian.

Dalam berpakaian untuk pembawa acara ini perlu untuk dipersiapkan.

Artinya, dalam pemilihan baju atau pakaian saat menjadi MC atau pembawa acara harus sesuai dan cocok dengan acara.

Maksudnya sesuai adalah sopan, cocok dan pantas bagi pembawa acara saat memakainya pada waktu kegiatan tersebut.

Olah Subasita lan Olah Bawa (Pembawaan sopan santun dan gerakan tubuh)

mc supaya bisa dadi pranatacara kang becik lan apik

Juru pranatacara kudu mangerteni babagan pranatan solah bawa mungguhing bebrayan Jawa.

Saengga anggone tumindak ora nerak subasita utawa tata krama.

Polatan lan tindak tanduk kang nyengsemake, sumanak nanging bisa njaga kawibawan.

Seorang MC harus mengetahui tentang aturan gerakan tubuh dalam bermasyarakat di Jawa.

Sehingga dalam bertindak tidak melanggar aturan ataupun adat istiadat sopan santun.

Tampak mimik serta tindakan yang menyenangkan, bersahabat namun bisa menjaga wibawa.

Olah Basa lan Sastra (mengatur bahasa dan sastra)

Juru pranata cara kudu sugih kaskaya basa, mumpuni lan ngerti unggah-ungguh basa sarta tansah nambah kawruh endahing basa lan sastra.

Basa sing digunakake kudu manut tatanan paramasastra, pamilihe tembung kang rinonce dadi ukara kudu mentes lan trep, jumbuh karo acara lan kang mirengake.

Seorang MC harus kaya pengetahuan mengenai bahasa, ahli dan memahami unggah –ungguh / aturan berbahasa serta senantiasa menambah pengetahuan keindahan bahasa dan sastra, dalam hal ini bahasa dan sastra Jawa.

Bahasa yang dipergunakan mengikuti aturan, pemilihan kata yang dirangkai menjadi kata harus padat dan sesuai, cocok dengan acara dan yang mendengarkan.

Olah kawruh linuwih (memiliki pengetahuan yang luas)

Juru pranatacara kudu akeh kawruhe kanthi cara sregep maca, ndeleng, ngrungokake pawarta, sarta golek wewarah marang para winasis.

Seorang pembawa acara harus banyak pengetahuannya. Caranya dengan rajin membaca, melihat, mendengarkan berita, serta mencari pembelajaran kepada para ahli.

Demikianlah ringkasan untuk jawaban pertanyaan dalam bahasa Jawa yang berbunyi “Kepriye Carane Dadi Pranatacara Kang Becik” lengkap dengan arti dan terjemahnya dari Basa Jawa kedalam Bahasa Indonesia. Terima kasih sudah mampir, salam kenal dan wassalamu’alaikum.

Tinggalkan Balasan

Mumtaz Hanif

Murid Kelas 6 Madrasah Ibtidaiyah Negeri