Struktur Teks Geguritan Basa Jawa kelas 4 SD. Geguritan iku mujudake puisi basa Jawa gagrag anyar sing bebas.
Nanging umume strukture (wangunan) geguritan mujudake gabungan saka limang perangan.
Namun pada umumnya strukturnya (bangunannya) puisi mewujudkan gabungan dari lima bagian.
Sebutna apa wae perangane struktur teks geguritan lan andharna!
Limang perangan utawa lima perangane struktur geguritan yaiku;
Kelima bagian atau lima bagiannya struktur geguritan bahasa Jawa yaitu;
- tembung
- larik
- pada/bait
- uni/ swara
- surasa/makna
Terangna lan jlentrehna Struktur Teks Geguritan Basa Jawa tembung, larik, pada/bait, uni/swara, surasa/makna!
Terangkanlah dan jelaskanlah struktur teks geguritan Bahasa Jawa yaitu tembung, larik, pada/bait. Uni/swara, surasa/makna!
Tembung (Kata)
Pilihan tembung uga diarani dhiksi. Pilihan kata juga disebut dengan diksi.
Kanggo ngasilake geguritan kang trep, pengarang mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk.
Untuk menghasilkan puisi yang pas, pengarang harus memikirkan pilihan kata yang tepat.
Tembung-tembung sing digunakake ana sing duwe teges lugu utawa apa anane (denotatif) lan ana sing duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif).
Kata-kata yang dipakai ada yang memiliki arti apa adanya (denotatif) dan ada yang mempunyai arti kiasan atau tidak sebenarnya (konotatif).
Pamilihe tembung sing pantes lan mentes, ndadekake geguritan dadi endah lan aji. Pemilihan kata yang pas dan padat, menjadikan puisi menjadi indah dan berharga.
Larik (baris)
Larik utawa baris duwe teges sing beda yen kabandhingake karo ukara ing gancaran (prosa).
Baris memiliki arti yang berbeda jika berbandingkan dengan kata dalam biasa (prosa).
Larik ing geguritan bisa mung wujud satembung, bisa wujud kumpulan tembung, utawa bisa uga wujud ukara.
Baris dalam puisi bisa hanya berbentuk satu kata, bisa berupa kumpulan kata, atau bisa juga berwujud kalimat.
pada/bait
Pada mujudake kumpulan larik kang tumata kanthi laras (harmonis).
Bait mewujudkan kumpulan baris yang tampak secara harmoni.
Saben sapada dumadi saka siji gagasan utama sing beda karo pada liyane.
Setiap sebait terbentuk dari satu gagasan utama yang berbeda dengan lainnya.
uni/ swara
Uni kawangun saka purwakanthi lan wirama. Suara terbentuk dari purwakanti dan wirama (irama).
Purwakanthi yaiku runtute swara, sastra, utawa tembung kang ana ngarep karo swara, sastra, utawa tembung kang ana mburi.
Purwakanti yaitu berurutannya suara, sastra atau kata yang ada pada depan dengan suara, sastra, atau kata yang ada di belakang.
Wirama yaiku endhek-dhuwur, cendhak-dawa, utawa alus-kasare swara sing diucapake.
Wirama yaitu rendah – tinggi, pendek-panjang, atau halus – kasarnya suara yang diucapkan.
Anane purwakanthi lan wirama ndadekake geguritan penak diwaca lan dirungokake.
Adanya purwakanti dan irama menjadikan puisi enak dibaca dan didengarkan.
surasa/makna
Surasa mujudake tujuane pengarang utawa panggurit nalika nulis geguritan. Anggone panggurit milih tembung, nata larik, lan bait dilarasake karo tujuane.
Surasa mewujudkan tujuannya pengarang atau pembuat puisi pada saat menulis puisi. Dalam pembuat puisi memilih kata, menata baris, dan bait diselaraskan dengan tujuannya.
Surasa bisa wujud isi lan pesen (amanat) saka geguritan. Surasa bisa berupa isi dan pesan (amanat) dari puisi.