Jeneng Liyane Semar Gareng Petruk Bagong Yaiku (Punakawan)

Jeneng Liyane Semar Gareng Petruk Bagong

Jeneng Liyane Semar Gareng Petruk Bagong dasanama dasanamane punakawan nganggo basa Jawa dan artinya menggunakan bahasa Indonesia.

pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, dalam bahasa Jawa, sinonim untuk nama lain (jeneng liya) yaitu dasanama.

Dalam hal ini kita akan membahas tentang dasanama para punakawan saka sing paling tuwa, anak nomer siji, anake nomer loro lan wuragile (Semar Gareng Petruk lan Bagong).

Punakawan asale saka tembung apa? Punakawan kuwi dumadi saka tembung pana lan kawan tembung kawan. Pana tegese ngerti, dene kawan tegese ngerti kanca.

Punakawan cacahe ana papat yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Wong tuwane punakawan yaiku Semar.

Sebutna dasanamane Semar Gareng Petruk lan Bagong! Siapa sajakah nama lain Semar, Gareng, Petruk, dan Bagong (Tokoh punakawan dalam wayang)?

Langsung saja mari kita bahas satu persatu.

Jeneng liyane Semar

Bapake Punakawan yaiku Semar.

Kulawarga punakawan sing tuwa dhewe jenenge Semar. Semar duwe dasanama utawa jeneng liya.

Sebutna dasanama Semar nganggo Basa Jawa!

Ana ing crita wayang, Semar duwe jeneng liya kaya ana ing ngisor iki.

Nama lain atau dasanamane utawa jeneng liyane Semar yaiku;

  • Sang Hyang Ismaya
  • Badranaya
  • Nayantaka
  • Janggan Smarasanta
  • Sukma Sejati, lan
  • Ekalaya

Jeneng Liyane Gareng

jenenge jangkep gareng

punakawan sing mbarep jenenge yaiku Gareng.

Ana ing wayang, Punakawan kang tangan,sikil, lan mripate cacat jenenge yaiku Nala Gareng.

Gareng iku tangane ceko, mripate kera, lan sikile gejik utawa pincang.

punakawan gareng minangka gegambaran tansah ngati ati yaiku sikile pincang.

Gareng duwe jeneng liya utawa dasanama.

Dasanamane Gareng jeneng liyane yaiku;

  • Pancalpamor
  • Pegatwaja
  • Bambang Sukodadi
  • Cakrawangsa
  • Pandupragolamanik
  • Jaswadiputro
  • Nolojoyotungkluk

Jeneng Liyane Petruk

Punakawan sing awake paling dhuwur dhewe jeneng sapa? Jenenge punakawan sing awake paling dhuwur yaiku petruk.

petruk kuwi kalebu kulawarga Punakawan.

Garwane utawa Bojone Petruk arane Dewi Undanawati. Anake utawa putrane Petruk jenenge yaiku Bambang Lengkung Kusuma.

Sapa Dasanamane Petruk? Dasanama utawa Jeneng liyane petruk yaiku;

  • Kanthongbolong
  • Dublajaya
  • Bambang Pecruk Panyukilan
  • Dawala
  • Penthungpinanggul

Jeneng Liyane Bagong

Kang duwe watak seneng gegojekan, seneng mbodoni, prasaja, lan lugu yaiku Bagong.

Bagong iku wuragile punakawan utawa anake semar sing paling enom dhewe.

tulisen jeneng liyane bagong!

Dasanamane utawa jeneng liyane Bagong yaiku;

  • Bawor
  • Cepot
  • Astrajingga
  • Jamblahita
  • Lupit
  • Pathokol Baworsari

Itulah nama lain Semar Gareng Petruk Bagong yang dalam bahasa Jawa kita sebut dengan dasanama utawa jeneng liyane. Maturnuwun sudah mampir, salam kenal dan wassalamu’alaikum.

Tinggalkan Balasan

Ibnu Singorejo

Postingan baru : Kami usahakan Jadwal hari Senin dan Jumat akan ada tambahan postingan artikel baru. Terima kasih sudah menyimak. saran dan kritik serta sumbangan artikel kami tunggu. contact info : cspontren@yahoo.com twitter : PontrenDotCom FB : Gadung Giri