Bab-bab sing kudu digatekake nalika nindakake wawancara. Hal-hal yang perlu diperhatikan pada saat melakukan wawancara dalam Bahasa Jawa.
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullah wa barakatuhu. Ada 7 hal yang perlu mendapatkan perhatian yang penjelasannya adalah sebagai berikut;
Materi ini ada dalam buku kirtya Basa kelas VIII atau kelas 2 SMP MTs mata pelajaran bahasa Jawa (muatan lokal).
Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku:
Dalam melakukan wawancara ada hal-hal yang harus diperhatikan yaitu;
1.Nemtokake tujuan wawancara.
Menentukan tujuan wawancara.
2. Nemtokake topik utawa tema sing arep ditakokake.
Menentukan topik atau tema yang hendak ditanyakan.
3. Nyiapake dhaftar pitakonan minangka pedhoman nalika nindakake wawancara lelandhesan 5W+1H.
Menyiapkan daftar pertanyaan sebagai pedoman saat melakukan wawancara dengan berlandaskan 5W+1H.
4. Nganakake pasetujon karo narasumber kanggo nemtokake papan panggonan lan wektu wawancara.
Mengadakan persetujuan dengan narasumber untuk menentukan tempat lokasi serta waktu wawancara.
Andharna lan terangna Bab-Bab Sing Kudu Digatekake Nalika Nindakake Wawancara!
5. Nindakake wawancara lelandhesan dhaftar pitakonan kang wis disiapake supaya nalika nindakake wawancara bisa runtut lan genep, supaya pitakonan ora ana sing kliwatan. lan wawancara bisa tumata lan munjer.
Melakukan wawancara berlandaskan daftar pertanyaan yang sudah disiapkan supaya saat melakukan wawancara bisa urut dan lengkap, supaya pertanyaan tidak ada yang terlewat. Dan wawancara bisa tertata dan tetap pada jalurnya (tidak keluar dari tema).
6. Nulis bab-bab sing penting utawa ngrekam pacelathon.
Menulis hal – hal yang penting atau merekam percakapan.
7. Nggunakake unggah-ungguh sing apik kanggo ngajeni marang narasumber.
Menggunakan tata krama yang baik untuk menghormati kepada nara sumber.
Bausastra / Kata – kata sulit
Untuk memudahkan dalam memahami tentang hal yang perlu mendapatkan perhatian pada saat melakukan wawancara, berikut penjelasan tembung / bausastra / kata-kata sulit dalam artikel ini.
Andharna tegese yaiku jelasna, terangna, artinya adalah jelaskanlah.
Tumata tegese yaiku sarwa tata, artinya adalah serba teratur.
Munjer tegese yaiku ajeg, netep, ora metu saka jalure, artinya yaitu tetap, tidak keluar.
Pacelathon tegese yaiku omongan, artinya yaitu percakapan.
Demikianlah penjelasan tentang hal yang perlu mendapat perhatian pada saat melakukan wawancara dalam Bahasa Jawa, (bab-bab kang kudu digatekake nalika nindakake wawancara Basa Jawa). maturnuwun sudah mampir, wassalamu’alaikum.