Tegese Tembung Panyandra, Titikane, Jinise, Tuladha Ukara

Tegese Tembung Panyandra, Titikane, Jinise, Tuladha Ukara
ciri cirine tembung panyandra

Tegese Tembung Panyandra Pangertene yaiku tetembungan kang wis gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, satriya utawa kahanan alam, titikane ana papat, jinise ana papat tuladhane ukarane yaiku Asti Setyorini irunge mbangir apik sinawang.

pontren.com – assalaamu’alaikum warahmatullah wa barakatuh, pengertian tembung panyandra adalah kata kata yang sudah melekat untuk memuji bagian tubuh, gerakan badan, satria ataupun keadaan alam, ciri-cirinya ada tiga, dan memiliki empat jenis. Contoh kalimat panyandra seperti Asti setyarini hidungnya mancung bagus melihatnya.

Tembung panyandra mengku ngalem kaendahan lan kang dicandra lumrah-lumrahe bab-bab kang becik, mula tembung panyandra uga diarani tembung pengalem.

Kata panyandra memuat pujian keindahan, dan yang dipuji lazimnya adalah hal-hal yang baik. Makanya kata panyandra juga mendapat sebutan tembung pujian (pangalem).

Titikane tembung panyandra ciri-cirine

Apa wae titikane tembung panyandra? Sebutna ciri-cirine.

Agar bisa mengetahui lebih mendalam mengenai kata ini, berikut akan menguraikan titikane (ciri-cirinya) tembung panyandra yaiku;

  1. Bab kang dicandra yaiku perangane awak, solah bawa, wong nginum/ngombe, satriya utawa kahahan alam. Hal yang dicandra yaitu bagian tubuh, gerakan badan, orang mabuk, satria ataupun keadaan alam.
  2. Mengku ngalem kaendahan lan kang dicandra lumrahe bab-bab kang becik. Artinya yaitu mengadung pujian keindahan dan yang dicandra umumnya adalah perihal yang bagus/baik.
  3. Ngemu surasa pepindhan utawa nduweni teges memper. Mengandung kata semisal atau mempunyai arti seperti, mirip-mirip.

Itulah ciri cirinya tembung panyandra dalam bahasa Jawa.

Jinise Tembung Panyandra

Ada 4 panyandra dalam buku mata pelajaran bahasa Jawa yang berjudul gladhi basa Jawa kanggo kelas V SD/MI

Jinise panyandra sak ora-orane yaiku;

  • Candrane Manungsa (perangane Awak);
  • Candrane Solah Bawa (Tindak tanduk);
  • Candrane Satriya; lan
  • Candrane Kahanane Alam (mangsa)

Itulah keempat jenis candra atau panyandra dalam Bahasa Jawa.

Selanjutnya adalah contoh panyandra.

irunge ngudhup mlathi

Athi athine ngundup turi; rambut pada pelipis
Awake ramping; awake gagah pideksa; badannya
Bathuke nyela cendhani; jidat
Brengose nguler keket; kumis
Drijine mucuk eri; jari-jari
Eseme Pait Madu; senyumannya
Godhege simbar rumembun; rambut didepan telinga

Gulune ngelung gadhung; leher
Irunge ngundlup mlathi; hidung
Kempole nyikil walang; betis
Idepe tumenga ing tawang; bulu mata
Lambene nggula satemlik; bibir
Mripate blalak-blalak; mata
Pakulitane ngulit langsep; kulit tubuh
Pipine nduren sajuring; pipi

Praene sumunar; wajah
Rambute ngembang bakung; rambut
Sinome micis wucah; apaan belum tahu
Susune nyengkir gadhing; toket
Tangane nggendewa pinenthang; tangan
Untune miji timun. gigi

Lakune mager timun;
Swarane ngombak banyu;
Solahe merak ati;
Lambeyane mblarak sempal;
Watake adhap asor;

Raden Arjuna iku satriya ing Madukara. Panjenengane minangka satriya wasis lan waskitha. Tata, titi, titis, lan trengginas, sekti mandraguna, digdaya, pinunjul ing apapak. Bisa manjing ajur jejer, bisa mrojol ing akarep, pratandha satriya gentur tapane, karep nenepi guwa kang sirung. Nenedha ing dewane saka tekad kang murni lan kenceng marang pandenge. Mring luhure dhiri datan wigih ing lara, wani marang pati jroning ngaurip.

Haduh pusing juga kalau menerjemahkan ini, kalimatnya banyak mengandung kosakata jawa yang lama serta sasta biasa dalam pedalangan. Kapan kapan semoga bisa menerjemahkannya secara baik dan mendekati dengan istilah yang ada dalam panyandrane satriya ini.

Satya murca ing embanan tegese yaiku candrane mangsa kapisan, tegese wit-witan padha brindil artinya adalah candranya musim pertama, artinya yaitu pepohonan banyak gugur daunnya.

Bantala rengka yaiku candrane mangsa kapindho tegese yaiku lemah-lemah padha nela (mlethek) artinya candranya musim kedua, artinya tanah-tanah pada retak.

Suta manut Bapak yaiku candrane mangsa katelu tegese wit gembili (gadhung) padha mrambat artinya candranya musim ketiga artinya pohon gembili atau gadhung pada merambat.

Waspa kumembeng jroning kalbu yaiku candrane mangsa kapapat tegese tuk tuk padha pipet (bumpet) artinya panyandranya musim keempat artinya mata air sama mampet tidak keluar airnya.

Pancuran mas semawur ing jagad yaiku candrane mangsa kalima, tegese wiwit akeh udan. Artinya candranya musim kelima, maksudnya mulai banyak hujan.

Rasa mulya kasucen yaiku candrane mangsa kaenem tegese usum woh wohan mirasa yaitu panyandaranya musim keenam artinya yaitu musim buah buahan rasanya sangat enak.

Wisa kentar ing maruta yaiku candrane mangsa kapitu tegese akeh lelara. Candranya musim ketujuh artinya yaitu banyak penyakit.

Ajrah jroning kayun yaiku candrane mangsa kawolu tegese mangsani kucing gandhik merupakan musim kedelapan yang artinya musimnya kucing kawin.

Wedharing wacana mulya yaiku candraning mangsa kasongo tegese yaiku mangsane gareng muni gangsir ngenthir artinya candranya musim kesembilan, musimnya gareng pung berbunyi dan gangsir bersuara.

Gedhong minep jroning kalbu tegese candrane mangsa kasepuluh tegese akeh kewan meteng manuk ngendhog yaitu candranya musim kesepuluh artinya banyak hewan yang hamil dan burung yang bertelur.

Sotya Sinara Wedi candraning mangsa sada tegese manuk glogoh artinya candranya musim … wah ga tau artinya, nanya dulu ama sarjana Sastra Bahasa Jawa mbak Dewi Astuti Nurlaela.

Tirta sah saking sasana teges yaiku candrane mangsa desta tegese mangsa bedhidhing utawa adem. Artinya yaitu candranya musim desta, artinya musim yang dingin.

Demikianlah informasi tentang tegese tembung panyandra, titikane ciri cirine tuladha contoh beserta arti dan maknanya. Terima kasih sudah berkunjung, salam kenal dan wassalamu’alaikum.

Tentang

salam blogger

2 Comments on “Tegese Tembung Panyandra, Titikane, Jinise, Tuladha Ukara

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

*