Materi Bahasa Jawa kirtya Basa kelas VII tentang struktur teks tembang kreasi anyar dan pengertian intro, verse, reffain, ending menggunakan Basa Jawa.
pontren.com – assalaamu’alaikum wa rahmatullah wa barakatuhu. Struktur Teks Tembang Kreasi Anyar. Ing tembang kreasi anyar iku ora nduwe utawa Ora ana struktur gumathok kang dadi pathokane tembang kreasi. Teks tembang kreasi anyar iku strukture bebas, ananging amarga wujude tembang nduweni titi laras lan cakepan.
Struktur teks tembang kreasi anyar tidak memiliki atau tidak ada strukturnya yang menjadi patokan. Teks tembang kreasi anyar itu strukturnya bebas, namun karena wujudnya lagu memiliki titi laras dan cakepan.
Titi Laras lan Cakepan
Apa iku titi laras lan cakepan?
Apakah yang dimaksud dengan titi laras dan cakepan?
Titi Laras
Titi Laras ana ing istilah seni yaiku saemper karo tangga nada. Titi laras Asale saka tembung titi kang ateges angka, tulis, notasi, utawa lambang lan
laras tegese susunan nada. Dadi titi laras iku notasi tulis, huruf, angka utawa lambang kang nuduhake laras tartamtu.
Titi laras dalam istilah seni yaitu seperti tangga nada. Titi laras berasal dari kata titi yang artinya angka, tulis, notasi atau lambang dan laras artinya susunan nada. Jadi titi laras itu notasi tulis, huruf, angka atau lambang yang menunjukkan laras tertentu.
Titi laras, utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro, yaiku:
- Laras Slendro
- Laras Pelog
Titi laras, atau cukup diucapkan laras, terbagi menjadi dua yaitu;
- Laras Slendro
- Laras Pelog
Laras Slendro
Laras slendro yaiku salah sijine laras ing gamelan. Saliyane slendro, ana uga pelog. Ana 5 swara, dumadi saka swara 1 2 3 5 6 (diwaca : ji ro lu ma nem). Laras slendro ora ana swara 4 (papat) karo 7 (pitu).
Laras slendro yaitu salah satunya laras di gamelan. Selain slendro, ada juga pelog. Ada 5 suara, terjadi dari suara 1 2 3 4 5 (dibaca ji ro lu ma nem). Laras slendro tidak ada swara 4 (papat/empat) dan 7 (pitu /tujuh).
Laras Pelog
Beda karo laras slendro kang mung dumadi saka 5 swara, laras pelog nduweni 7 swara. Dumadi saka 1 2 3 4 5 6 7 ( diwaca ji ro lu pat ma nem pi).
Beda dengan laras slendro yang hanya terbentuk dari 5 suara, laras pelog memiliki 7 suara, terbentuk dari 1 2 3 4 5 6 7 (dibaca ji ro lu pat ma nem pi).
Cakepan
Cakepan yaiku naskah, teks, utawa syaire tembang kreasi. Cakepan tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur dilagokake.
Cakepan yaitu naksah, teks atau syairnya tembang kreasi. Cakepan tembang ini sebenarnya tidak berbeda dengan bentuk geguritan (puisi jawa) yang selanjutnya dilagukan.
Saliyane titi laras lan cakepan, struktur teks tembang kreasi kang awujud langgam (campursari) ora bisa dipisahake karo struktur lagu populer liyane.
Selain titi laras dan cakepan, struktur teks tembang kreasi yang berwujud langgam (campursari) tidak bisa dipisahkan dengan struktur lagu populer lainnya.
Ing kono tinemu bagean-bagean, kaya ta intro, verse (pada), chorus (reffain), lan ending. Perangan-perangan iki ora kudu ana ing tembang dolanan.
Disana ditemukan bagian-bagian seperti intro, verse (pada), chorus (reffain), dan ending. Bagian-bagian ini tidak harus ada dalam tembang dolanan (lagu anak-anak).
Pangertene Intro, Verse, reffain, ending,
Apa iku intro, verse, terangna lan andharna uga jelasna apa pangertene nganggo Basa Jawa!
Intro
Intro yaiku laras wiwitan kang murwakani sawijining tembang. Perangan iki nduweni fungsi kanggo menehi kalodhangan wiraswara (penyanyi) kanggo nyiapake dhiri sadurunge tembang dilagokake.
Intro adalah laras wiwitan (nada permulaan) yang menjadi pembuka sebuah lagu (tembang). Bagian ini memiliki fungsi untuk memberi kelonggaran penyanyi untuk menyiapkan diri sebelum lagu dinyanyikan.
Intro biasane awujud instrumen musik tanpa cakepan.
Intro biasanya berwujud instrumen tanpa cakepan (naskah lagu).
Verse
Verse yaiku perangan pada pambuka. Ana kalane uga diarani pada basa-basi amarga ora nduweni isi kang wigati. Nanging perangan iki penting, jalaran kanggo mlebu marang isine tembang. Tembang sing apik nduweni perangan verse sing kuwat tumrap melodi lan harmoni, ora kalah karo perangan reffain.
Verse adalah bagian bait pembuka. Adakalanya juga disebut bait basa basi karena tidak memiliki isi yang penting. Namun bagian ini penting karena untuk masuk ke isinya lagu. Tembang yang baik memiliki bagian verse yang kaut terhadap melodi dan harmoni, tidak kalah dengan bagian reffain.
Chorus
Chorus (reffain) iku perangan kang dadi intine tembang. Ing perangan iki pangripta medharake pesan moral tumrap pamiarsane, mula perangan iki biasane dibolan-baleni.
Chorus atau reffain itu bagian yang menjadi intinya lagu. Dalam bagian ini pengarang lagu mengurai pesan moral terhadap pendengar, maka bagian ini biasanya diulang-ulang.
Perangan chorus iki minangka roh utawa klimaks-sawijine tembang kreasi.
Bagian chorus ini sebagai roh atau klimaksnya sebuah tembang krasi.
Ending
Ending, utawa diarani pada panutup iki perangan cakepan tembang kang kanggo mungkasi sawijine tembang supaya krasa nges, ora mandheg ndadak.
Ending atau disebut pada penutup ini bagian pengait lagu yang berguna untuk mengakhiri sebuah lagu supaya berasa enak, tidak berhenti mendadak.
Wujude ending bisa perangan reffrain kang dibolan-baleni, bisa uga pungkasaning lagu kang dibolan-baleni, utawa instrumen khusus kang sengaja digawe kanggo mungkasi lagu.
Wujudnya (ending) bisa bagian reffain yang diulang-ulang, bisa juga akhir lagu yang diulang-ulang, atau instrumen khusus yang sengaja dibuat untuk mengakhiri lagu.
Pepeling : Ana ing tembang kreasi Ora kabeh dumadi saka : intro, verse (pada), chorus (reffain), lan ending.
Dalam tembang kreasi tidak semuanya terbentuk dari intro, verse, chorus dan ending.
Akeh cakepan langgam utawa tembang dolanan kang kabeh perangane dipentingake. Dadi angel dibedakake endi perangan verse, reffain lan endhing.
Banyak kaitan langgam jawa (campursari) ataupun lagu anak-anak yang semua bagiannya adalah hal yang penting. Jadi susah membedakan mana bagian verse, reffain, dan ending.